Sunday 16 August 2015

Babat Tanah Jawi | Part2

Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 1
Karajan Demak lan Karajan Pajang
+/- tahun 1500 – 1582


Wiwitané ing Tanah Jawa ana agama Islam ing antarané tahun 1400 – 1425.

Ing tahun 1292 ing tanah Perlak ing pulo Sumatra wis ana wong Islam; ing tahun 1300 ana wong Islam manggon Samudra Paséi. Ing pungkasané abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana wong Islam.

Tekané padha saka Gujarat. Saka Malaka kono agama islam mencar marang Tanah Jawa, tanah Cina, Indhiya Buri lan Indhiya Ngarep.

Kang mencaraké agama Islam ing Tanah Jawa dhisike yaiku saudagar Jawa saka Tuban lan Gresik, kang padha dedagangan ing Malaka, padha sinau agama Islam, dadiné Islam terkadhang sok kepeksa.

Sudagar sudagar jawa mau padha bali marang Tanah Jawa Wétan, sudagar Indhu lan Persi uga ana sing teka ing kono lan nuli mencaraké agama Islam marang wong wong.

Sing misuwur yaiku: Maulana Malik Ibrahim (wong Persi?), séda ana ing Gresik ing tahun 1419, nganti saiki pasareané isih.

Bareng kuwasané karaton Majapait saya suwé sya suda, para bupati ing pasisir rumangsa gedhé panguwasané, wani nglakoni sakarep karep.
Para bupati mau lumrahè wis padha Islam wiwit tumapaking abad kaping 16 (tahun 1500 – 1525), Jalaran saka iku kerep baé perang karo para raja agama Indhu kang manggon ing tengahing Tanah Jawa.

Miturut carita: Sang Prabu Kertawijaya ing Majapahit iku wis tau krama karo putri saka ing Cempa (tanah Indhiya Buri).

Putri mau kapernah ibu alit karo Radèn Rahmat utawa Sunan Ngampel (sacedhaké Surabaya). Sunan Ngampel kagungan putra kakung siji, asma Sunan Bonang, lan putra putri siji, asma Nyai Gedhe Malaka.

Nyai Gedhe Malaka iku marasepuhe Radèn Patah utawa Panémbahan Jimbun, yaiku kang sinebut: Sultan Demak kang kapisan.

Sunan Ngampel lan Sunan Bonang iku dadi panunggalané para wali.

Para wali mau kang misuwur: Sunan Giri (sakidul Gresik), ana ing kono yasa kedhaton lan mesjid; Ki Pandan Arang (ing Semarang) lan Sunan Kali Jaga (ing Demak).

Ing tahun 1458 ing Demak wis ana mesjid becik.

Padha padha bupati ing pasisir pati Unus iku kang kuwasa dhéwé. Pati Unus uga kasebut Pangéran Sabrang Lor.

Iku putrané Radèn patah utawa Panémbahan Jimbun. Ing tahun 1511 Pati Unus mbedhah Jepara, Ing tahun 1513 nglurugi Malaka.

Enggoné tata tata arep nglurug mau nganti pitung tahun lawasé.

Lan bisa nglumpukaké prau kehe nganti sangang puluh lan prajurit 12.000, apadéné mriyem pirang pirang.

nanging panémpuhe bangsa Portegis ing Malaka nggegirisi, nganti Pati Unus kapeksa bali lan ora oleh gawé.

Pati Unus ing tahun 1518 uga ngalahaké Majapait nanging Majapait dhèk samana pancèn wis ora gedhé. Kuthané ora dirusak, mung pusaka kraton banjur digawa menyang Demak sarta Pati Unus ngaku nggentèni ratu Majapait.

Ing tahun 1521 Pati Unus séda isih enem lan ora tinggal putra.

kang gumanti rayi let siji yaiku Radèn Trenggana, jalaran rayiné tumuli: Pangéran Sekar Séda Lèpèn, wis disédani putrané raden Trenggana, kang aran Pangéran Mukmin.

sajroning jumenengé Sultan Trenggana (tahun 1521 – 1550) karaton Demak kuwasa banget, nguwasani Tanah Jawa Kulon, ngerèh kutha kutha ing pasisir lor lan uga mbawahaké jajahan Majapait, sarta karaton Supit Urang (Tumapel) uga banjur kaprentah ing Demak. Déné Blambangan iku bawah Bali. Pelabuhan bawah Demak akèh sing ramé, kayata: Jepara, Tuban, Gresik lan Jaratan.

Gresik lan Jaratan iku sing ramé dhéwé, wong kang manggon ing kono luwih 23.000.

Ing tahun 1546 Sunan Gunung Jati kalawan Sultan Trengganaq arep mbedhah Pasuruwan. Kutha Pasuruwan banjur kinepung ing wadya bala, nanging durung nganti bedhah, pangepungé diwurungaké, jalaran Sultan trenggana séda cinidra déning sawijining punakawan santana, kang mentas didukani.

Putrané Sultan Trenggana akèh. Putra putriné padha krama oleh priyayi gedhé gedhé.

Ana sing krama oleh bupati ing Pajang, kang asma: Adiwijaya, yaiku Mas Krèbèt, Ki jaka Tingkir utawa Panji Mas.

Putrané Sultan Trenggana loro: Pangéran Mukmin utawa Sunan Prawata, lan Pangéran Timur, kang ing besuké dadi adipati ing Madura.

Sunan Prawata iku kang nyedani Pangéran Sekar Séda Lèpèn.

Ing semu putrané Pangéran Sekar Séda Lèpèn kang asma Arya Panangsang arep malesaké sédané kang rama.

Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangéran Mukmin sagarwané, nuli putra mantuné Sultan Trenggana, ora oleh gawé, malah Arya Panangsang bareng dipapagaké perang, kalah nemahi pati. Adiwijaya banjur nguwasani Tanah Jawa: amboyong pusaka kraton menyang Pajang lan nuli dijumenengaké Sultan déning Sunan Giri.

nalika Adiwijaya jumeneng ratu ana ing Pajang, blambangan lan Panarukan kabawah ratu agama Syiwah ing Blambangan, kang uga mbawahaké Bali lan Sumbawa (tahun 1575).

Jajahan jajahan ing Pajang kaprentah ing pangéran (adipati) yaiku: Surabaya, Tuban, Pati, Demak, Pemalang (Tegal), Purbaya (madiyun), Blitar (Kedhiri), Selarong (Banyumas), Krapyak (Kedhu sisih kidul kulaon, sakuloné bengawan Sala.

Ana ing tanah Pasundhan karaton Pajang meh ora duwè panguwasa, jalaran ing tahun +/- 1568 tanah Banten dimerdikakaké déning Hasanuddin, dadi tanah kasultanan.

http://www.zonawin.com
Taruhan Bola




Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 2
Karajan Mataram Nalika Jumenengé Sénapati
(tahun 1582 – 1601)


Ana wong linuwih sinebut Kyai Gedhe Pamanahan, asale mung wong lumrah baé.

Jalaran saka akèh lelabuhané marang Sultan Pajang, banjur didadèkaké patinggi ing Mataram. 

Nalika iku tanah Mataram durung reja lan Pasar Gedhe, padunungané Kyai Pamanahan mau isih awujud désa.

Putrané Kyai Gedhe Pamanahan kang asma Sutawijaya utawa Radèn Bagus, utawa Pangéran Ngabehi Loring Pasar iku dipundhut putra angkat déning Sultan Pajang lan nganti diwasa tansah ana ing kraton, dadi mitrané Pangéran Pati yaiku Pangéran Banawa.

Ing tahun 1575 Sutawijaya gumanti kang  rama ana ing Mataram, oleh jejuluk Sénapati Ing Ngalaga
Sahidin Panatagama.

Panémbahan Sénapati (Sutawijaya) mau banget ing pangarahè supaya bisa jumeneng ratu.

Ing sasi Mulud ora ngadhep marang Pajang, lan Pasar Gedhe didadèkaké bètèng, ndadèkaké kuwatire
Sultan Adiwijaya.

Kelakon ora suwé banjur peperangan, Adiwijaya kalah lan ing tahun 1582 séda jalaran karacun. Pangéran Banawa ora wani nglawan Sénapati.

Sénapati banjur ngaku jumeneng Sultan, sarta pusakaning kraton kaelih marang Mataram. Sénapati ngerèhaké Mataram ing tahun 1586 – 1601.

Jajahan jajahan karaton Pajang kang wis kasebut ndhuwur kaerèhaké ing Mataram kanthi ngrekasa banget.

Sénapati kepeksa kudu kerep perang, kayata: perang karo Panaraga, Madiyun, Pasuruwan lan luwih luwih karo Blambangan.

Ewadéné Blambangan iku ora bisa kalah babar pisan. Karo Sénapati memitran. banten arep ditelukaké, nanging ora bisa kalakon.

Galuh pineksa kareh Mataram.

Ing nalika iku akèh kutha kutha pelabuhan kang ramé, padha ditekani wong Portegis, ora lawas wong
Walanda iya padha nekani ing kono.

Dedagangané mrica, pala , cengkeh, kapas lan barang barang liyané akèh, nanging bab kawruh lan kagunan ora pati diperduli.

Ing tahun 1601 Sénapati séda, kang gumanti putraL Mas Jolang. Pasareyan Sénapati nunggal kang rama ana ing Pasar Gedhe sarta padha pinudi pundhi.


http://www.zonawin.com
Taruhan Bola




Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 3
Karajan Banten lan Cirebon wiwit jumenengé
Sunan Gunung Jati
(+/- tahun 1527) tumeka Sédané maulana Mohamad
(tahun 1596)


Ing wiwitané abad kang ping 16 ing Tanah Jawa Kulon ana nagara aran Pajajaran, Kutha aran Pakuan. Kutha pelabuhab iya duwè, yaiku Banten lan Sundha Kalapa, nanging dedagangané durung ramé.

Awit saka Malaka ing tahun 1511 kacekel ing bangsa Portegis, para sudagar Islam padha dedagangan ana ing pasisiré lor Tanah Jawa Kulon.

Ing Banten nuli ana pedagangan gedhé, dagangané mrica.

Ing nalika iku ana wong Paséi (Sumatra), agamané Islam, teka ing Tanah Jawa Kulon merangi ratu ing

Pejajaran nganggo prajurit saka ing Demak.

Wong Paséi mau ing tembéné aran Sunan Gunung Jati, mauné bok menawa aran Faletehan.

Iku ipené Radèn Trenggana. Marga saka pitulungané Radèn Trenggana ing tahun 1527 bisa mbedhah
Sundha Kalapa (jayakarta utawa Jakarta) lan Cirebon.

Ing tahun 1552 Sunan Gunung Jati ing Banten digenteni kang putra Hasanuddin.

Déné putra liyané kang asma Pangéran Pasarean, iku kang nurunaké para Sultan ing Cirebon. Faletehan séda ing tahun 1570 ana ing Cirebon lan disarekaké ana ing punthuk Gunung Jati.

Kutha Pakuan bedhahè sawisé tahun 1570. Para wong ing Tanah Jawa Kulon banjur dipeksa manjing agama Islam.

malika Faletehan séda kang jumeneng Sultan ing Cirebon Panémbahan Batu, yaiku buyute faletehan mau.

Hasanuddin iku krama oleh putriné Pangéran Trenggana.

Bareng Pangéran Trenggana séda, karaton Banten banjur madeg dhéwé (tahun 1568).

Hasanuddin uga nelukaké Lampung, sarta raja Indrapura ngaturaké putrané putri minangka garwa.

Kutha Banten dadi ramé lan pelabuhané gedhé. Ananging kutha urut pasisir ana 750 M, déné ujure marang daratan +/- 1600 M.
Prau prau bisa lumebu ing kutha metu ing kali kang nrajang kutha mau; saiki kaliné wis waled, jalaran wedhi.
Kutha mau kang sasisih dipageri lan ana gerdhu gerdhuné panggonan prajurit jaga tuwin panggonan mriyem.

Hasanuddin séda ing tahun 1570, banjur kasarekaké ing Sabakingking. Kang gumanti kaprabon Pangéran Yusup.

Nalika iku wong Banten yèn nandur pari lumrahè ana ing pategalan (ladhang).
Sawisé dienèni pariné banjur ora ditanduri manèh, wong wongé banjur golèk panggonan liya digawé ladhang, yèn wus panén iya diberakaké manèh, enggoné nanduri iya kaya kang wis mau. Sing kaya mangkono iku tumraping lemahè mesthi baé ora becik.
Bareng Pangéran Yusup jumeneng Sultan, wong wong padha didhawuhi sesawah.
jalaran saka iku wong tani iya kapeksa milih panggonan sing tetep, ora pijer ngolah ngalih, iku njalari anané désa désa.
Pangéran Yusup uga dhawuh yasa bendungan lan susukan susukan perlu kanggo ngelebi sawah.

Sing mbedhah kutha Pakuan iku iya Pangéran Yusup.

Ratu ing Pakuan séda, para luhur ing kono kapeksa mlebu Islam.

sawènèh ana sing ngungsi marang pagunungan ing Banten Kidul; wong Beduwi iku turuné wong wong sing padha ngungsi mau.

Pangéran Yusup lumrahè karan Pangéran Pasareyan (tunggal jeneng karo kang paman ing Cirebon). Ing sasédané Pangéran Yusup, Pangéran Jepara utawa Pangéran Arya anjaluk jumeneng Sultan, nanging ora bisa kelakon, jalaran saka setyané Mangkubumi (Patih) ing Banten marang Pangéran Yusup.

Kang gumanti Pangéran Yusup, putra kang sisilih Maulana Mohamad.

nalika iku yuswané lagi 9 tahun, mulané nganggo diembani ing Mangkubumi.

Sing maréntah kutha Jakarta sebutan Pangéran, dhisike Ratu Bagus Angke lan tumurun marang putra. Kutha mau kinubeng ing pager, ing jeroné pager ana mesjide omah gedhé sing didalemi sang Pangéran, alun alun lan pasar.
Iku mau kabèh dumunung ing pusering kutha. Dagangané ora pati ramé kaya ing Banten. Tanah tanah sakubengé kutha isih kebak buron alas.

Cirebon iku uga ngreka daya bisané mardika saka Banten. Sultan Cirebon mbawahaké saperangané tanah Priyangan. Watesé kang wétan Banyumas, kang kulon Cimanuk (Citarum),.

bareng sepuhe, Pangéran Mohamad ditresnani ing kawula, jalaran saka mursid lan wasis. Sang papatih Jayanagara banget setya marang ratuné.

nalika iku Sultan Mohamad diaturi nglurugi Palembang déning Pangéran Mas, wayahè Sunan Prawata, Sandyan patihe malangi, nanging Sultan Mohamad ngrujuki; kalakon ing tahun 1596 Palembang dilurugi.

Wadyabala ing Banten wis ngira bakal menang, dumadakan nalika Sultan Mohamad pinuju dhahar, kataman ing mimis, ndadèkaké sédané.

Sédané mau digawé wadi, mung wadyabala diundangi bali marang Banten.

Bareng layon arep disarekaké, ing kono wong wong lagi ngerti yèn Sultan séda, lan ing wektu iku uga Pangéran Abulmafachir dijumenengaké Sultan, nanging yuswané lagi sawatara sasi, mulané pamaréntahing nagara kacekel ing Mangkubumi, manèh dibantoni ing Nyai Emban Rangkung, kang jalaran saka wicaksanané karan: Ratu Putri Ing Banten.

Ing pungkasané abad kang ping 16 Banten iku dadi kutha pedaganagn kang ramé dhéwé ing saTanah
Jawa.

Wong manca kang ana ing kono: wong Persi, wong Indhu saka Gujarat, wong Turki, Arab, Portegis, Melayu lan wong Keling.
Wong wong ngamanca mau lumrahè ngingu batur tukon lan juru basa. Luwih luwih wong Cina, ing Banten akèh banget.
Bangsa Cina manggoné ana sajabaning temboking kutha, lan omahè apik apik. Panggaotané wong manca padha kulak mrica.
Sing nganakaké dhuwit timbel (kètèng, gobang) ing Banten iya wong wong ngamanca mau. Dhuwit timbel 1.00 pengajiné +/- 20 sèn.
Pangan ing Banten murah banget, dhuwit 20 sèn baé tumraping wong ngamanca, wis turah turah. Hawané ing kutha ora becik, jalaran kali Banten ing biyèné becik, banjur dadi cethek lan reged.
Dalan dalan pada kurugan ing wedhi, omah omahè isih gedhég, mung senthongé pasimpenan wis tembok.
Para priyayi padha duwè pakarangan isi wit krambil, sangarepe omah ana pendhapané lan ing pojoking latar sok ana langgare.
Kejaba mesjid gedhé lan pamulangan, ing Banten mung ana omah gedhong siji, yaiku omahè
Syahbandar.
kajaba para luhur, wong kang ngibadah ing Banten ora akèh.
Para luhur padha ngagem sarung sutra, (terkadhang sinulam ing benang emas) serban lan keris, kenakané diingu dawa, wajané dipasahi lan tinretes ing mas utawa disisigi.
Ngageme sepatu utawa selop mung yèn ana ing daleme baé.
Pandereke ana sing ngampil wadhah kinang, kendhi, payung, lampit lan tumbak. Para luhur mau (para punggawa) padha milu ngerèh praja.
Ing mangsa perang para prajurit oleh keré, sandhangan lan pangan. Para punggawa mau padha ngingu batur tukon akèh.
Ing Banten sing nyambut gawé temenan mung para batur tukon, wong cilik liyané meh ora nyambut gawé, mulané padha ora kacukupan.
Yèn ana wong ora bisa mbayar utangé, iku banjur dadi batur tukon saanak bojoné. Wong kemalingan ing Banten akèh; maling kang kacekel, kena nuli dipatèni.
Wong kang dosa pati, kena nebus dosané sarana mbayar dhendha marang Sultané. Yèn ana wong lanang mati, Sultan wenang mundhut anak bojoné wong mau. Jalaran saka iku akèh wong isih kenomen padha omah omah.
Kuwasané Sultan Banten gedhé banget, nanging prakara nagara lumrahè dirembug karo para luhur; pangrembuge wayah bengi ana ing alun alun.
Para luhur mau kang kuwasa banget Mangkubumi (patih), laksamana (panggedhéné prau lautan) lan sénapati.

Ing jaman samana kaanané kutha kutha ing Tanah Jawa kurang luwih iya mèmper karo kutha Banten iku.

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi-part2.html
Prauné Vasco de Gama




Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 4
Wong Portegis lan Sepanyol
(tahun 1513)


Wiwit jaman Rum mula wong Asia iku wis wiwit lawanan dedagangan lan wong Europa. Dagangan saka Asia Wétan, kayata: Tanah Indhu, Cina, apadéné kapulowan Moloko digawa ing kafilah, metu ing Afganistan, Persi, Syrie (Sam), banjur menyang Egypte (Mesir), jujuge ing Alexandrie.

Dagangan mau saka kono banjur dikirimaké menyang kutha kutha pelabuhan ing sapinggire Sagara Tengah, kayata: Rum, vénétie lan Genua; banjur disebaraké ing nagara liya ing Europa. lakuné kafilah saka Hindustan ngrekasa banget, jalaran ana ing dalan kesuwén, mangka kerep diadhang ing begal.

marga saka iku pametuné tanah Asia ana ing Europa dadi larang banget, samono uga bumbon saka kapulowan Moloko.

Bareng wong turki mèlu mèlu gawé kasusahaning kafilah mau, bangsa bangsa Europa liyané banjur arep mbudi akal bisané oleh dagangan saka tanah Asia dhéwé ora nganggo metu dharatan, dadi arep ngambah sagara baé.

nalika abad kang kaping 15 ing tanah Europa wus ana bangsa kang kendel banget lelayaran, yaiku bangsa Portegis.

Bangsa iku enggoné lelayaran saya suwé saya mangidul, nganti nemu pulo lan tanah pirang pirang enggon, wasana pasisiré tanah Afrika kang sisih lor kulon wus kawruhan kabèh.
Ing tahun 1486 ana nakoda bangsa Portegis aran Bartholomeus Dias, bisa tekan ing pongole buwana Afrika kang sisih kidul dhéwé.

Ing Tahun 1498 kelakon ana nakoda Portegis aran Vasco de Gama tekan ing Kalikut kutha ing tanah
Indhu.

Wong Portegis nuli miwiti lelawanan dedagangan lan wong Indhu, lan nenelukaké kutha pelabuhan kang ramé ramé ing tanah Indhu kono.
d’Albuquerque kang wus katetepaké jumeneng Prabu anom ing Asia nuli ngumpulaké prau perang kanggo merangi kutha kutha pelabuhan; Goa, Ormus lan Malaka genti genti dikalahaké. Iya jamané d’Alburquerque (tahun 1509 – 1515), iku mumbul mumbule wong Portegis nguwasani tanah tanah pasisir ing Samodra Indhiya tekan Macao.

Bareng wong Portegis wis bisa manggon lan duwè panguwasa ana ing Malaka, ing tahun 1513 nuli makoda aran d’abreu, layar menyang Moloko.

lakuné nganggo mampir mampir, kayata: menyang Gresik.

Ing wektu samono Gresik wis dadi kutha padagangan gedhé, wong wongé wis Islam.

Wong Portegis mau ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan sasat tansah dimungsuh baé, mung ana ing Panarukan bisa mimitran lan wong bumi, jalaran wong ing kono osoh mardika, durung Islam lan durung kaerèh marang Demak.

Rèhné wong Portegis ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan tansah ngrekasa banget, mulané banjur ana kang nyoba arep lelawanan dedagangan lan Banten.

Ing sakawit ana ing Banten ditampani becik, nanging nuli wong Portegis lan wong Banten kerep cecongkrahan, jalaran padha déné ora percayané.

Wasana enggoné dedagangan wong Portegis kang dipeng ana ing Moloko lan pulo Timur.

nalika wong Portegis teka ana ing tanah Indhiya kang anggedhéni laku dagang ing kepulowan Moloko bangsa Jawa, nanging bareng Malaka bedhah, wong Jawa kadhesuk soko kono lan saka kapulowan Moloko, banjur karingkes pasabané, kang anggedhéni genti wong Portegis, malah ing tahun 1522 ing Ternate wis didegi bètèng, sarta wong Portegis wis prajangjian lelawanan dedagangan ijen ijenan (monopolie) lan Sultan ing kono.

Ing tembené kang dadi dhok dhokané wong Portegis ing Ambon lan Bandha.

Ana ing pulo pulo Moloko lan ing pulo pulo Sundha Cilik sisih wétan wong Portegis padha mencaraké agama Kristen.

Bareng wong Portegis nemu dalané menyang tanah Indhiya, wong Sepanyol iya banjur arep nyoba uga menyang tanah Indhiya dhéwé.
Wong Genua aran Christophorus Columbus layar saka Sepanyol mangulon atas asmané Sang nata ing Sepanyol.
Saka panémuné Chr. Columbus wus tetéla yèn jagad iku bunder kepleng, dadi yèn saka Sepanyol terus layar mangulon mesthi banjur tekan ing jagad sisih wétan yaiku enggoné tanah Indhiya. Yèn saka Indhiya diterusaké mangulon baé, mesthi banjur bali tekan ing Sepanyol manèh.
Ing tahun 1492 kelakon Chr. Columbus nemu kepulowan kang diarani kapulowan Indhiya, jalaran pametuné akèh empere lan tanah Indhiya, nanging ora antara suwé tetéla yèn kepulowan mau dudu Indhiya, mulané mung banjur diarani kepulowan Indhiya Kulon.
mungguh satemené kepulowan Indhiya Kulon iku wewengkoné buwana Amerika.
Saking kepenginé marang kauntungan lan misuwuring jeneng, banjur akèh baé wong Sepanyol kang napak dalané Chr. Columbus padha layar mangulon ketug ing Amerika.
Sawisé buwana Amerika kawruhan, nuli ana wong Portegis kang aran Magelhaen kang nedya menyang Indhiya metu Amerika atas asmané ratu Sepanyol.
Mangkate Magelhaen sakancané wong Sepanyol ing tahun 1519 lakuné nurut pasisiré Amerika sisih kidul, njebul supitan ing saantarané pongol Amerika kang kidul dhéwé lan pulo Vuurland, saka kono terus ngalor ngulon nrajang Samodra gedhé, anjog ing kapulowan Filipina.

Wong Sepanyol nuli layar menyang Moloko, anjog ing Tidore.
Sultan Tidore bungah banget, awit bakal olej lengganan bangsa Europa, mangka nalika d’Abreu teka ing Ambon diajak lengganan ora gelem, geleme mung karo Sultan Ternate.

Sarèhné wong Sepanyol, kancané Magelhaen, kalah santosa karo wong Portegis, mulané bareng dimungsuh, banjur kapeksa mlayu menyang Jilolo, saka kono terus layar mangulon, nutugaké enggoné ngubengi bumi, tekané ing Sepanyol manèh tahun 1522.
Iya wong Sepanyol kang dipanggedhéni Magelhaen iku kang ngubengi bumi sapisan.

Wong Portegis bareng sumurup ana wong Sepanyol teka, banget panasé, ngudi, lungané wong
Sepanyol saka tanah Indhiya, dadi bangsa loro mau padha memungsuhan.
nanging ing tahun 1529 padha bedhami, jalaran watesing jajahan dipastekaké déning Kangjeng Paus.

Wiwit tahun 1542 bangsa Sepanyol neluk nelukaké pulo pulo Filipina. Jeneng Filipina iku kapirit asmané ratu ing Sepanyol (Filips II).
lan ana ing pulo pulo mau banjur padha mencaraké agama Kristen.


http://www.zonawin.com
Taruhan Bola




Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 5
Tekané Wong Walanda
( tahun 1596)


Ing abad kang kaping 15 ing  nagara Walanda bab misaya iwak maju banget ( iwak haring). Iwaké didol sumrambah ing tanah Europa.
Jalaran saka iku lelayarané prau prau momot barang dadi ramé.
Prau prau momotan mau kejaba momot iwak, uga nggawa barang barang liyané, kayata:
mertega, keju lan laken saka Nederland didol menyang Europa sisih lor lan kidul.
Soko Portegal wong Walanda kulak anggur lan uyah; saka tanah tanah sapinggire Sagara Wétan gandum lan kayu, lan saka Inggris wulu wedhus.
Awit saka iku kabèh lelayarané prau prau momotan ing satanah Europa kacekel ing tangané bangsa Walanda.
Ing wiwitané abad kang ping 16 Kutha Lissabon dadi pusering padagangan kang saka ing tanah
Indhiya.
Kang mencaraké dagangan mau menyang tanah tanah liyané saperangan gedhé iya bangsa
Walanda.
Iku kabèh njalari wong Walanda banjur dadi sugih, wong lang mauné mung ngepalani prau prau momotan, banjur dadi nakoda utawa sudagar.

Ing pungkasané abad 16 wong Walanda banget pangudiné marang ada ada anyar lan banget kepenginé marang lelakon lelakon kang durung tau dilakoni, luwih luwih bareng krungu critané lelayaran marang Indhiya saka wong wong Walanda kang mauné manggon ing Portegal.

Apa manèh ing nalika iku akèh sudagar sudagar saka Nederland Kidul (Antwerpen) padha ngalih mangalor.

Kuwasané karajan Sepanyol tansah suda, perang karo bangsa Walanda lan Inggris kerep kalah. Dedagangan ing Lissabon tumrape bangsa Walanda banjur diengèl engèl amarga wiwit ing tahun 1580

Lissabon kebawah Sepanyol.

Jalaran saka sebab sebab ing ndhuwur mau kabèh, bangsa Walanda kenceng tekade arep lelayaran menyang tanah Indhiya dhéwé, bathiné mesthi bakal luwih akèh, awit bisa kulak dedagangan saka ing panggonané asal.

Wiwitané nuoba lelayaran metu lor ngubengi buwana Asia, perluné nyingkiri bangsa Sepanyol, yaiku mungsuhe.

Sarèhné layar metu lor iku terang yèn rekasa banget, istingarah ora bisa kelakon tekan tanah Indhiya, nuli wong Walanda arep nékad metu kidul nurut pesisire buwana Afrika kaya wong Portegis. Cacahing prau kang arep mangkat ana 4, kang ngepalani aran Cornelis de Houtman iku wis bisa oleh katrangan dalané menyang Indhiya ana ing Lissabon.

Déné kang dadi lelurahing jurumudhi wong pinter ing ngèlmu bumi aran Pieter Keyzer.

Ing tanggal 2 April tahun 1595 padha mancal saka dharatan, lakuné ana ing dalan ngrekasa banget, nanging tanggal 23 Juni 1596 kelakon tumeka ing banten.

Satekané ing palabuhan Banten prauné wong Walanda dirubung ing prau cilik cilik padha nawakaké wowohan lan dodolan warna warna.
Ora suwé ing dhèk kebak wong Jawa, Arab, Cina, Keling lan Turki padha nawakaké dedagangan.
Wong Walanda medhun menyang dharatan; ing kono wis ana cawisan omah kanggo bukak toko. Sawusé tekan dharatan banjur dodolan lan kulak dedagangan kang diimpi impi, yaiuku mrica. Nanging bareng padha rerembugan banjur padha pasulayan.
Wong Portegis weruh kang mangkono iku nuli ngreka daya supaya wong Walanda disengiti ing wong Banten.
Apamanèh Cornelis de Houtman iku wani kasar karo Mangkubumi ing Banten, lan sarehning wong Banten kuwatir bok manawa kutha Banten bakal ditibani mimis saka ing prauné wong Walanda, Cornelis de Houtman sakancané 8 dicekel lan dilebokaké ing kunjara.
Cornelis de Houtman lan kancané 8 pisan mau iya nuli luwar, nanging sarana ditebus.
Bareng wong Portegis mbabangus manèh marang wong Banten, wong Walanda banjur ninggal
Banten, awit uga weruh yèn ora bakal bisa oleh dedagangan ana ing kono.
Wong Walanda banjur layar mangétan urut pasisir loring Tanah Jawa nganti tekan Bali. Saka kono banjur bali menyang nagara Walanda urut pasisiré Tanah Jawa kang sisih kidul.

Tekané ing nagara Walanda prauné kang mauné papat mung kari telu, wong kang mauné 248 mung kari 89.

Lan barang dagangan sing digawa apadéné bathiné mung sathithik banget.

nanging sedyané kang gedhé iku wis kaleksanan, iya iku saiki dalan kang menyang tanah Indhiya wis kawruhan.

nalika tahun 1598 ana prau Walanda manèh teka ing Banten, kang manggedhéni Yacob van Neck. Sarèhné van Neck mau wong kang alus bebudéné ora kasar kaya de Houtman, dadi wong Walanda ditampani kalawan becik, dipek atiné kenaa dijaluki tulung yèn ana nepsuné wong Portegis, malah van Neck oleh palilah katemu lan sang timur Abulmafachir ratu ing Banten lan van Neck ngaturi tinggalan tuwung mas.

Wong Walanda enggal baé oleh dedagangan mrica akèh.

Wiwit ing nalika iku akèh prau prau Walanda kang teka ing Moloko kulak mrica, pala lan cengkeh. Dhok dhokané prau kang menyang tanah Indhiya iku ing Banten, dalasan prau kang saka ing Moloko, sanadyan wus kebak dagangan, kang mesthi iya nganggo mampir.

Suwe suwé plabuhan ing Banten saya ramé déning prau Walanda kang teka lunga ing kono.

Ing wektu iku Sepanyol lan Portegis wiwit ngêdhèng enggoné perang karo bangsa Walanda ing tanah
Indhiya.

Andreas Furtadho de Mendoca nggawa prau 30 saka Goa layar menyang tanah Indhiya, arep dhedawuh marang para panggedhé ing sakèhing kutha plabuhan nglarangi nampa wong Walanda; sakèhing wong Walanda kang wus ana ing kono kudu ditundhung.
Ing tahun 1601 ana prau Walanda teka ing supitan Sundha, kang manggedhéni Wolphert Harmens, ana ing dalan Wolpert Harmens wis oleh pawarta yèn Banten dikepung ing balané Furtadho perlu nglungakaké wong Walanda lan meksa marang Pangéran ing Banten ora kena ngayomi sakèhing Walanda.
Sandyan prauné Harmens mung lima, nanging nékad nempuh prauné wong Sepanyol. Salungané wong Sepanyol saka ing Banten, Harmens mlebu ing plabuhan munggah menyang kutha.

Ora antara suwé ana prau Walanda teka manèh, panggedhéné aran Yacob van Heemskerck enggal baé oleh dedagangan, prauné kang lima wis kebak, nuli dilakokaké bali menyang nagara Walanda, déné prau sakariné banjur layar menyang Gresik.
Ana ing Gresik kono Heemskerck sawisé kebak prauné banjur bali menyang nagara Walanda.
Ing wektu iku para sudagar Inggris iya wis padha bathon nglakokaké prau menyang tanah Indhiya.
Ing tahun 1602 ana prau Inggris teka ing plabuhan Banten nggawa layang lan pisungsung saka ratuné. Wong Inggris ditampani kalawan becik, dadi gampang nggoné golèk dagangan, sarta banjur kaidenan ngedegaké kantor.



http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi-part2.html



Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 6
Adegé Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.)
( tahun 1602)


Prauné wong Walanda kang padha layar menyang tanah Indhiya iku duwèké maskape maskape cilik. Sanadyan kang nduwèni tunggal bangsa lan kabèh padha tulung tulungan yèn ana bebayaning dalan, ewa déné mungguh enggoné dedagangan ora pisan bisa rukun, malah padha jor joran murih bisa oleh dagangan akèh.

bareng paprentahan luhur ing negara Walanda nguningani prakara iku banjur kagungan sumelang. Saka karsané paprentahan luhur maskape Walanda mau didadèkaké siji aran Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.), yaiku: Pakumpulan dedaganagn ing tanah Indhiya Wétan, adegé nalika tanggal 20 Maret 1602.

VOC. mau diparingi wewenang dedagangan ing sawétané Kaap de Goede Hoop tekan ing supitan Magelhaens, déné maskape utawa sudagar liya ora kena mèlu mèlu dedagangan ing kono (monopolie). Wewenang panunggalané ing dhuwur iku: VOC. kena nganakaké prajangjian atas asmaning Staten Generaal karo sakèhing nagara klebu jajahané.

Kajaba iku Compagnie kena nganakaké prajurit, gawé bètèng, gawé duwit lan netepaké Gouverneur lan punggawa liyané.

Sakèhing punggawa kudu sumpah kasusetyané marang Straten Generaal lan pangrehing Compagnie. Ing sabisa bisa VOC, kudu mèlu nglawan mungsuhe nagara Walanda.

Pawitané Compagnie iku olehe adol layang andhil, siji sijiné andhil ora mesthi padha regané, ana kang f10.000 ana kang f50.

Déné kang kena tuku andhil mau iya sadhengah wong, ora lawas VOC wus oleh pawitan f6.500.00. Ing sakawit warga pangreh (Bewindhebber) ing tanah Walanda ana 73, nanging ora lawas mung ditetepaké 60.

Para bewindhebber mau akèh kauntungané, kayata: saben ana prau teka saka tanah Indhiya mesthi oleh bageyan 1% né ajining momotané prau, mulané pangkat bewindhebber mau dadi pepenginan.
Bewndhebber iku ana 17 kang pinilih kuwajiban nyekel paprentahan Compagnie ing saben dinané.
Pangrehe Compagnie iku aran ”Heren XVII, Directeuren utawa Mayores”.
Saben 10 tahun para Bewindhebber kudu aweh katrangan pelapuran (verslag) bab panyekeling paprentahan marang Straten Generaal lan para aandeelhouder.

Prau prauné Compagnie kang dhisik dhéwé mangkat menyang tanah Indhiya dipanggedhéni Van Waerwijck, angkate ing tahun 1602 uga.

Sakèhing lojiné maskape maskape lawas banjur didadèkaké lojiné VOC.

Loji utawa factorij iku wujud kantor diubengi ing gudhang gudhang lan omahè para punggawa. Mungguh perluné loji mau kanggo tandhon dagangan.
Dagangan mau diklumpukaké ngentèni tekané prau prau.
Factorij iku terkadhang kinubeng ing bètèngtembok utawa tanggul, nanging kang mangkono iku ora mesthi, awit para ratu bangsa bumi kerep ora marengaké.
Kehing factorij saya wuwuh, nanging terkadhang yèn arep ngadegaké factorij anyar iku nganggo ngesur ngalahaké wong Portegis dhisik, kayata: nalika tahun 1603 ana ing Banten, ora lawas ing Gresik, Johor, Patani, Makasar lan Jepara iya dianani factorij.
Factorij ing Patani perluné kanggo lelawanan karo negara Cina, Jepang lan Indhiya Buri, awit dikira ngolehaké kauntungan akèh, nanging jebul ora.
Karo Ceylon lan Aceh Compagnie iya lelawanan dedagangan, nanging sakawit mung sathithik pakolehe.

Dagangan tanah Indhiya kang ngolehaké kauntungan akèh iya iku bumbu craken, mulané VOC.

kepengin banget mengku kapulowan Moloko, kang iku para nakoda padha diwangsit, supaya merlokaké ngudi bisané nekem kepulowan bumbon craken mau, yèn ora kena dilusi sarana prajangjian iya kantho wasésa.

Ing saenggon enggon angger Compagnie bisa becik karo ratu bangsa bumi mesthi banjur nganakaké prajangjian bisané lengganan ajeg (monopolie).

Pulo Ambon (cengkeh) iku pulo kang dhisik dhéwé dadi duwèking Compagnie.

Ora suwé saka kecekele pulo Ambon ing kuwasané VOC. pulo Bandha Néra (pala) lan Bacan iya banjur kena diregem.

Marga enggoné menang perang iku, laku dagang bumbu craken katekem ing kuwasané Compagnie, sabab ana ing endi endi, angger tanah wus kaayoman mesthi dilarangi lelawanan dedagangan karo bangsa liya kajaba mung karo VOC. dhéwé sarta regané dagangan dipasthi (monopolie).
Para aandeelhoudere VOC. ing tahun 1610 didumi bathi 75%, wujud dhuwit utawa pala, kena milih ing sakarepe, nuli diedumi manèh 50%, dadi sataun baé tampané para aandeelhouder gunggung kumpul 132,5%
Nanging kauntungan samono iku mungguhing satemené kauntungan ing dalem 8 tahun, awit adegé VOC. wus ana 8 tahun, mangka lagi mbayar anakan sapisan iku.
Ing tahun 1611 para aandeelhouder tampa manèh 30%, nanging tumekané tahun 1619 wis ora oleh manèh.
Wong wong padha ora rujuk, yem pambayaring anakan jag jog ora ajeg kaya mangkono iku, terkadhang akèh banget, terkadhang pirang pirang tahun nyet adhem baé.
Mulané sabakdané tahun 1625 pambayare dipranata, ing sabisa bisa diajegaké. Racaké pambayaring anakan marang aandeelhouder mau ing saben tahun 18%.
Kajaba panyekeling dhuwit, cacading paprentahané Compagnie, isih ana manèh, yaiku enggoné kukuh ngencengi tindaking monoploie, nganti akèh warga VOC. kang metu sala pakempalan.

Ana sajabaning nagara Walanda, Compagnie uga duwè mungsuh kang nyumelangi:

1. Bangsa Inggris, iku ing tahun 1600 wis nganakaké Oost Indische Compagni, sarta ana ing Banten lan Moloko wis duwè kantor akèh. Ing saenggon enggon bangsa Inggris tansah mbudi daya bisané ngesur wong Walanda, mung baé enggoné mungsuh ora wani ngedhèng, awit mundhak ngadekaké gesreking prentah Walanda lan Inggris.

2. Ing wektu samono VOC. tansah merangi wong Sepanyol lan Portegis, awit tanah Walanda peperangan lan bangsa loro mau ana ing Europa.

VOC. lelawanan dagang karo bangsa Cina sarta Jepang. Ing tahun 1608 ana prau Compagnie loro layar menyang Jepang. Ana ing kono Compagnie diidini dedagangan lan ngadegaké loji.

Saka rembuge Frankrijk sarta Inggris, sanadyan Walanda lan Sepanyol ora sida bedhami, nanging ing tahun 1609 meksa lèrèn anggoné perang, padha sèlèh gegaman ing dalem 12 tahun.

Prakara tanah Indhiya katemtokaké ing prajangjian, yèn wong Walanda lestari kena ndarbeni jajahan enggoné ngrebut wong Sepanyol sarta Portegis, nanging siji sijining bangsa ora kena dedagangan ana ing jajahan kang wus dijègi ing liyan ing wektu awiting sèlèh gegaman.

Mungguh ing atasé tanah Indhiya awiting sèlèh gegaman iku kang mesthi kurang luwih let sataun karo ing Europa, awit tanah Indhiya nganggo ngentèni udhuning dhawuh.

Ana ing Indhiya ketara banget, yèn wong Sepanyol ora nganggep bedhami sèlèh gegaman iku; dadi VOC. kepeksa tansah tata tata nyentosani wadyabala lan samekta gegamaning perang.

Bangsa Inggris lan Portegis sok dibiyantoni ing wong bumi, merangi marang wong Walanda.


VOC. iku enggoné ngregani bumbon craken saka kepulowan Moloko murah banget, dagangané wong bumi dhéwé dilarang larang.
Tindak kaya mangkonoiku ndadèkaké karugiané bangsa bumi, wasana banjur padha dagang colongan lelawanan lan wong Portegis, Inggris utawa Jawa.
Compagnie muring banget; kebon kebon pala lan cengkeh akèh kang dibabati minangka paukumaning wong pribumi.
Wong Bandha banget muringé, wuwuh wuwuh dibombong wong Inggris. Admiral Verhoeff, utusané VOC. dicidra dipatèni.
Wasana ing tahun 1609 pulo Bandha malah banjur kena didadèkaké jajahan VOC.

Marga saka pakéwuh warna warna iku VOC. duwè panému yèn pangrehe kudu kukuh, dikuwasani wong suwiji.

Nganti tumekané wektu semono, siji sijining loji ana pangrehe dhéwé, para pangreh ora merduli marang pangrehe loji liyané.

Wiwit tanggal 1 September tahun 1609 sakèhing kantor lan eskader (kapal kapal perang) ing tanah
Indhiya dikuwasani ing panggedhé suwiji, jenengé Gouverneur Generaal (GG.).

Gouverneur Generaal kang kawitan yaiku Pieter Both. GG. mau didhawuhi niti priksa kelakuwan, gawéyan lan uripe para punggawa.

GG. iku panyekele paprentahan nganggo dibiyantu ing punggawa liya, jenengé Raad van Indie.

Cacahè warganing Raad van Indie sanga, kang lima tansah dadi kanthining GG., kang papat aran ”Lid” mirunggan, padha dadi gouvernour ana ing papan liya, enggoné mèlu parepatan mung yèn ana rembug sing perlu perlu banget.
Pamutusing prakara kang perlu perlu GG. kudu njaluk rembuge Raad van Indie; wondéné GG. dadi pangareping parepatan.
Yèn parepatan ora bisa mutusi, putusané GG. dhéwé wus kanggep apsah. GG. iku uga dadi sénapatining prajurit Dharatan lan lautan.

Pamanggené Tuwan P. Both ana ing Ambon. Ana ing Moloko P. Both klakon bisa nggedhékaké panguwasa, gawé kapitunané wong Sepanyol lan Portegis.

Ing tahun 1613 P. Both bali menyang tanah Walanda nanging ana pasisiré pulo Mauritus prauné Kèrem, P. Both dadi lan tiwasé.

G. Reynst jumeneng gumanti GG. kapilih ing para Bewindhebber, ing tahun 1615 digenteni L. Real. Dhek samono VOC. lagi karepotan awit wong Inggris saya katon enggoné mungsuh VOC.

Ana ing Banten panguwasané wong Onggris tansah mundhak.

Yan Pieterszoon Coen, Liding Raad van Indie banget sumelangé bok manawa jajahan VOC. bakal direbut ing wong Inggris.

Ing tahun 1616 wong Inggris ngjègi pulo Run, jajahané VOC. ing Koloko.

Ing nalika iku JP. Coen katetepaké nguwasani sakèhing prakarané VOC. ing Tanah Jawa. Coen enggal tumandang merangi wong Inggris.

Kang iku ndadèkaké banget panasé wong Inggris sarta Pangéran Ranamenggala ing Banten.

bareng ing tahun 1618 ana kabar yèn loji ing Jepara dirusak déning kawulané Panémbahan Mataram, lan tetéla banget, wong Inggris, wong Banten lan wong Mataram ayon nedya numpes wong Walanda, JP. Coen nuli ngalih saka Banten menyang Jakarta, loji ing kono didadèkaké bètèng.

Ora lawas JP. Coen ditetepaké dadi Gouverneur Generaal, tahun 1619.

Ing tahun iku wong Inggris lan Walanda enggoné memungsuhan padha déné ngdhèng.

Kantore wong Inggris kap adhep adhepan bètèngé wong Walanda ing sapinggire kali Ciliwung iya nuli disentosani.

Kapale wong Walanda siji dibeskup Sir Thomas Dale, panggedhéning eskader Inggris. Coen sandika njaluk baliné, nanging wong Inggris malah mangsuli sugal.

Bètèng Inggris enggal ditempuh, nganti kena obong, tahun 1618. Ora antara lawas bètèng Walanda dikepung ing mungsuh.

VOC. karepotan banget, marga kekurangan prau lan obat mimis.
Wong Jakarta ora ana kang gelem dadi kuliné; malah wong Jakarta nempuh bètèng Walanda, eskader Inggris gedhé ana segara dipethukaké prau Walanda, perangé dèdrèg, wasana kesaput ing wengi.
Esuké JP Coen ora wani methukaké prau Inggris manèh; putusaning rembug arep menyang
Moloko njaluk bantu lan njupuk obat mimis.
JP. Coen weling wanti wanti marang Van den Broecke.
Yèn ana kapepete kepeksa nungkul, nungkula marang wong Inggris, aja nganti nungkul marang wong Jakarta utawa Banten.
Kacarita wong Inggris wus prajangjian lan wong Banten, nedya nempuh bètèng ing Jakarta. Pangéran Jakarta, Wijaya Krama, gela banget, déné ora diajak rembugan ing wong Banten, nuli golèk akal bisané ngrebut bètèng dhéwé.
P. van den Broecke disuruni bojana minangka pratandhaning pamitran.
P.v.d. Broecke kanthi punggawa pitu kalebu ing gelar, banjur cinekel lan kinunjara. Van Raay sing nggentèni Van den Broecke dijaluki tebusan, ora mituruti.
Wasana wong Inggris lan Van den Broecke dhéwé aweh weruh marang wong Walanda supaya masrahna bètèng.
Van Raay kendhak atiné, nedya nungkul, wekasan ana jalaran kang murungaké sedyané Van
Raay saandhahané.
Wong Banten ora aweh, yèn bètèng Jakarta tumiba ing wong Inggris.

Pangéran Jakarta ditungkeb, jajahané kagamblokaké marang Banten.

Rehning wong Banten crah karo wong Inggris, èskader Inggris mundur saka Jakarta. Bètèng Walanda dikepung ing wong Banten.

Bareng wong Walanda ngerti yèn bakal bisa uwal saka ing bebaya, banjur tumandang nyentosani bètèng manèh.

Bareng wis rampung wong Walanda padha bungah bungah nganakaké bujana, bètèng Jakarta dijenengi Batawi (tahun 1619).

bareng lungané JP. Coen wis oleh patang sasi banjur bali nggawa prau nembelas. Prajurit kang ngepung bètèng ditempuh bubar, kutha Jakarta digempur.

Coen nuli menyang Banten, wong Banten rumangsa ora kuwagang nglawan P. van den Brocke sakancané diulungaké.

Sarèhné v. d. Broecke lan van Raay dianggep kaluputan enggoné netepi wajibe, mulané tampa paukuman abot saka JP. Coen.

Tanah Jakarta banjur diaku ing VOC, JP Coen enggal mbangun Kutha Batawi, dipernata lan direjakaké.

Ing sacedhaké palabuhan didokoki omah, jenengé ”Kasteel” ing kono dununging paprentahané VOC. ing satanah Indhiya.

Ing sarampungé prang Jakarta, Coen nedya males marang wong Inngris.

Nanging ing tahun 1620 kabar saka Europa yèn para panggedhéné VOC. ing tanah Walanda rukun karo Compagnie Inggris.

Kang iku ing tanah Indhiya uga Walanda karo Inggris iya kudu rujuk.

Wosing prajangjian mangkéné: Siji sijining Compagnie nganggo pawitan dhéwé dhéwé sarta kena sudagaran ing satanah Indhiya, nanging prajangjian monopolie kang mau mau dilestarekaké.
kulaké kudu bebarengan, oleh olehané diparo. mung ing pulo pulo Moloko wong Inggris oleh saprateloné.
Prakara perang dadi tetanggungané Raad van Defensie, kang dadi wargané wong Walanda lan
Inggris genti genten saben sasi.

JP. Coen banget ora senengé déné ana pranatan kaya mangkono iku, awit wong Inggris ora wenang oleh jajahané VOC, Wong inggis rumangsa disengiti wong Walanda, mulané ing saoleh oleh rekadaya bisané males marang VOC. Walanda.

Nalika wong Bandha mogok, kang ngojok ojoki wong Inggris.

Sarèhné ana Eaad van Defensie warga Inggris ora pati sarujuk ngukum marang kraman mau, JP. Coen banjur pratela yèn wong Bandha kang wenang ndarbeni iya mung wong Walanda.

JP. Coen nuli mangkat menyang Bandha, wong bumi diwisésa, dipatèni utawa dibuwang menyang Tanah Jawa.

Pulo pulo Bandha didum marang para Walanda tilas punggawané Compagnie, nanging diwajibaké nandur pala, lan pametuné kudu didol marang VOC.

Tindak sawenang wenang iku dadi cacade JP. Coen.

Ing wiwitané tahun 1623 JP. Coen lèrèh marga saka panjaluké dhéwé.

Kang gumanti jumeneng GG. saka panudingé Coen iya iku P. de carpentier.

Durung nganti sasasi enggoné dadi GG., de Carpentier wis nemu reribet, gèsrèk lan wong Inggris.

Ana ing Ambon wong Jepang bebauning wong Inggris kacekel ing wong Walanda.
Bareng ditliti tliti, wong Jepang mau blaka yèn wong Inggris wis padha sumpah sumpahan sapunggawané Jepang nedya numpes wong Walanda lan ngrebut bètèng Victoria.
Tinemuning papriksan wong Inggris 9 wong Jepang 9 lan wong Portegis siji padha ngakoni, yèn pancèn duwè niyat kaya ature wong Jepang mau. Nuli diukum kisas.

Karampungané pangreh Walanda ing Ambon njalari crahing VOC. lan Compagnie Inggris.

Wong Inggris ing pulo Moloko padha lunga, ngejègi pulo Lagundi ana ing suptan Sundha, nanging sarèhné akèh kang mati utawa lara, banjur padha ngumpul ing Betawi.

Ora antara lawas wong Inggris ana ing Betawi ora bisa rukun karo wong Walanda, nuli padha lunga menyang Banten.

Wiwit adegé kutha Betawi tansah dibeciki: Coen wis ngadegaké pamulangan sarta murih ajuning dagangan, njupuki wong Cina saka Banten; kejaba iku Betawi uga dianani pangreh kutha kang ngiras nyekel pangadilan.
carpentier wiwit nganakaké pajeg dhuwit kanggo mbecikaké tindhaking piwulang sarta pangadilan lan manèh gawé yeyasan kanggo mitulungi marang bocah Walanda kang lola.

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi-part2.html
Yan Pieterszoon Coen

http://www.zonawin.com
Taruhan Bola





Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 7
Karajan Mataram Nalika Mumbul Mumbule


1586 – 1601 Panémbahan Sénapati

1601 – 1613 Mas Jolang, Panémbahan Séda
Krapyak

1609 – 1614 GG. Both
1613 – 1645 Sultan Agung 9R. Rangsang,
Cakrakusuma)

1619 – 1623 GG. JP. Coen

1623 – 1627 GG. De Carpertier

1627 – 1629 GG. JP Coen

1636 - 1645 GG. Van Diemen

Sadurungé Panémbahan Sénapati séda wis tinggal weling, yèn kang putra penenggak, Mas Jolang kang kalilan nampani warisan kraton Mataram, déné putrané pembayun, Pangéran Puger nrima jumeneng adipati ing Demak, nanging Pangéran Puger besuké ngraman, wasana asor.

Kejaba perang lan kang raka, Mas Jolang uga perang karo para adipati ing Bang Wétan. Ing tahun 1613 Sang Panémbahan séda.

sarèhné sédané mentas lelangen menyang Krapyak, nuli katelah nama Panémbahan Séda Krapyak. sasédané Panémbahan Séda Krapyak kang gumanti jumeneng nata Radèn Mas Rangsang, ajejuluk Prabu Pandhita Cakrakusuma.

Nalika jumenengé Kanjeng Sultan lagi yuswa 22 tahun; ewa semono wis kinurmatan ing para kawula. Pangastané paprentahan piyambak baé, mung kala kala mundhut rembuge wong kang pinitaya, lan putusaning rembug banjur didawuhaké marang para panggedhéning nagara.

Sang Prabu bagus sembada dedeg piadegé, tingale wajar ”mèmper mripating singa” pangagemané pesaja, nyampingé bathik wernané putih lan biru (ayaké parang rusak), mekuthané putih (matak?).
Yèn siniwaka, lenggahè ana ing dhampar cendhana kaapit apit ing pot pot kekembangan. Dhampar mau dunungé ana ing bangsal kang ajrambah jobin, dawa ambaning jrambah kira kira
3 mèter.
Para kang séba nyadhong dhawuh, ngubengi bangsal mau, kehe kira kira 300 utawa 400, kabèh padha sila makidupuh tanpa nganggo lèmèk, lan ora ana kang udut utawa nginang.
Sinéwaka kaya mangkono mau ing dalem saminggu kaping pindho utawa luwih, para abdi dalem kang ora ngadhep nalika pinuju sinéwaka, utawa kang duwè laku ora patut, padha kagantungan paukuman abot.
Dadi uripe para priyagung ing Karta iku ora merdika kaya adipati ing sajabaning Karta.
Para adipati mau akèh kang sawenang, anggugu ing sakarepe dhéwé, wong cilik kang rekasa, padha dipeksa ngetokaké pajeg akèh.

Kersané Sultan Agung Tanah Jawa iki kabèh karéha marang Mataram, senadyan bakal perang kang nganti suwé utawa ngetokaké wragad akèh iya bakal ditemah, mung angger bisa kelakon.

Mungguh mungsuhe ana telu yaiku: para ratu ing Bang Wétan lan Madura, ratu ing Banten sarta Kumpeni.

Déné Cirebon wis nungkul marang Mataram, wiwit tahun 1619.

nalika tahun 1615 Kangjeng Sultan nelukaké Lumajang, Malang lan panggonan sawatara manèh.

Sawisé iku Surabaya, Pasuruwan, Tuban, Wirasaba (Majaagung), Japan (Majakerta), Lasem,

Brondong, Arisbaya (Majaagung) lan Sumenep, banjur prajangjian ngumpul dadi siji, perlu bebarengan nempuh Mataram. Nanging perangé kasoran.

Ing tahun 1617 Sultan Agung mbedhah Pasuruwan, ing tahun 1618 Pajang, lan ing tahun 1619 Tuban. Pangepungé kutha Surabaya ing tahun 1622 ora oleh gawé, nanging bareng ing tahun 1623 Madura kena dikalahaké, Sultan Agung ngajati mbedhah Surabaya manèh.

nalika iku Sultan Agung manggih akal, ora adoh saka cawangané kali Brantas, kali Surabaya dibendung.

banyu sethithik kang isih mili menyang Surabaya dibuwangi bathang lan bosokaning tetuwuhan, amrih wong Surabaya padha ketaman ing lelara.

Jalaran saka reka iku wong Surabaya kepeksa nungkul, awit alané banyu mau, miturut crita, wongé
Surabaya kang kehe 50 60.000 iku mung kari 1.000.

wasana Tanah Jawa Wétan lan Tanah Jawa Tengah dadi kaerèh ing Mataram. Ing tahun 1625 Kangjeng Sultan banjur ajejuluk Susuhunan.

Tepungé VOC. karo Mataram iku molah malih.Ing wiwitané padha becik.
Sultan Agung nerusaké prajangjiané kang rama, yaiku: VOC. kena ngedegaké loji ana ing
Jepara.
Nalika iku Sultan Agung ngandika karo utusaning Compagnie: ”Aku sumurup, yèn tumekamu ing kéné ora nedya nelukaké Tanah Jawa”.
Enggoné Walanda manggon ing Jepara iku mung supaya bisa ngieimaké beras.
nanging ing prakara iku wong Walanda tansah digawé pakéwuh déning Baureksa, bupati ing
Kendhal.
Malah baureksa lan bupati liyané padha ngreka daya, amrih wong Walanda aja menyang Karta sapatemon karo Sang Prabu.
Awit saka iku VOC. lan para bupati padha congkrah.
Ing sawijining dina Baureksa nukup wong Walanda, ana sawatara kang dipatèni lan ana pitulas kang dikunjara.
Nalika iku Coen dhawuh ngobong Jepara, iya klakon kobong saperangan (tahun 1618). Ing
wektu semono Sultan Agung lagi perang ana ing Bang Wétan lan ora menggalih apa kang klakon ing Jepara.

bareng Coen ing tahun 1619 yasa kutha Betawi, lan Jakarta wis katekem ing tangané bangsa Walanda, sultan Agung muring banget marang VOC.

Ora antara lawas dhawuh nglarangi adol beras marang Compagnie, amarga Coen wani wani aweh mriyem marang wong Surabaya.

Sanadyan mengkonoa meksa ora dadi perang, awit sapisan Sultan Agung nedya golèk reka bisané wong Walanda ngakoni yèn kebawah Mataram, nganggo sarana kang alus, lan ping pindhoné samangsa dadi perang wong Walanda kuwatir yèn banjur ora bisa oleh beras babar pisan.

nalika Sultan Agung ngajak Walanda bebarengan mbedhah Banten, wong Walanda ora gelem, awit VOC, ora pracaya marang wong Mataram, marga Walanda wis ngrebut layang, kang surasané: ”Sultan Agung bakal mbedhah Banten, sawusé iku banjur ngalahaké Betwi”.

Banten lan Mataram iku tansah memungsuhan, nanging Sultan Agung ora bisa ngalahaké, jalaran nalika iku prauné wong Jawa ora sepiraa kèhé lan mlaku dharat dalané angèl banget.

Ing Tanah Jawa Kulon kang teluk marang Mataram mung ing Sumedhang (Priyangan) lan Cirebon. Nalika JP. Coen jumeneng GG. kang kapindhoné ing tahun 1628, ana utusan saka Mataram menyang Compagnie duwè panjaluk mangkéné: Sapisan Panémbahan enggoné arep nempuh Banten mundhut tulung marang Compagnie, kapindhoné JP. Coen didhawuhi utusan menyang Mataram ngaturaké bulu bekti.

Panjaluk iku mau loro loroné ora dituruti.

Ing sasi Agustus wayah bengi kasteel ing Betawi ditempuh ing bala Mataram saka pelabuhan.

Ing dharatan ana baris gedhé kang ngepung kutha Betawi. Mangka cacahing prajurit Compagnie mung 3.800.

Nuli JP. Coen tekad tekadan nempuh, prajurit Jawa bubar, malah banjur kepeksa mundur, awit wis ngancik mangsa udan tur nganggo kekurangan pangan.

Ing sasi April tahun 1629 ana utusan saka Mataram aran Warga ketemu GG. JP. Coen, jarené perlu rembugan arep bedhami.

JP. Coen wis ngerti yèn Warga iku satemené telik, banjur terus dicekel.

Bareng ditakoni, prasaja yèn wong Mataram wis nglakokaké wadyabala manèh lan murih aja nganti kekurangan pangan kaya kang uwis, ing Tegal wis disedhiyani tandhon beras.

JP. Coen terus dhawuh ngobongi tandhon beras mau.

Wusana bareng prajurit Mataram teka ing wewengkon Betawi enggal baé enggoné kentekan pangan. Wadyabala Mataram wiwit gawé larèn nganti ketug sacedhaké kutha, JP. Coen nuli dhawuh ngrusak larèn mau.

Sarèhné bala Mataram uga ketrajang lelara, wusana kepeksa mundur.

Wiwit ing wektu iku karajan Mataram wis ora wani nempuh marang kutha Betawi.

Ewa déné Sultan Agung sabisa bisa tansah ngarah gawé kapitunané Compagnie, kayata wong Mataram dilarangi dagang beras menyang Betawi, mangka Compagnie butuh banget.

utusan saka Betawi menyang Karta padha dicekel, sarta direngkuh abdi telukan, malah sawènèh ana kang dipatèni.

Bareng sabedhahè kutha Malaka tahun 1641, wong Jawa ora kena dagang beras ana ing kono, dipeksa dagang menyang pelabuhan Betawi.

Senadyan Sultan Agung durung karsa rukun, ewa déné kawula Mataram diidini lelawanan dedagangan manèh lan Compagnie ing Betawi.

Wasana ing tahun 1646 Sultan Agung séda, wiwit ing wektu iku Mataram banjur rukun baé lan
Compagnie.

Karsané Sultan Agung arep ngerèhaké Tanah Jawa kabèh iku wis akèh kelakoné, nanging perang mau ndadèkaké karusakan ing Tanah Jawa.
Nalika utusané VOC. ing tahun 1613 padha menyang Karta, para utusan padha éram ndeleng kehing wong ing kutha kutha, kehing beras pari apa déné kehing wit witan tuwin tetanduran kang metu kasile, nanging bareng antara limalas tahun manèh, akèh tanah tanah kang ora
kadunungan wong, panggonan panggonan kang katrajang ing prang padha nandang paceklik lan kaambah ing pageblug.
Mulané mengkono, marga Sultan Agung iku nggoné arep nggayuh karsané iku nganggo sarana kang nggegirisi, kayata: kabèh kawula kudu mèlu perang, durung nganti perang wong wong mau wis akèh kang tiwas ana ing dalan.
Gampang yèn mung arep bisa ngira ngira kehing prajurit kang dilurugaké, yèn ngélingi pangepungé kutha Betawi kang ping pindhoné.
Nalika iku ana prajurit 80.000 lan sing bali menyang Mataram durung ana seprapate. Nalika nglurug Madura, kehing prajurit nganti 160.000.
Yèn ana wong sabangsa kalah perangé, kerep kelakon wong kabèh mau kapeksa ninggal tanahè. Nalika bedhahè Madura, kutha kutha lan désa désa ing kono meh kabèh dirusak, para ratuné dipatèni, wongé cilik ana 40.000 kang dipeksa ngalih menyang Gresik lan Jaratan, jalaran ing kutha loro mau, marga saka perang kang uwis uwis meh ora kadunungan ing wong.
Adipati ing Sumedhang kapeksa urun bala akèh banget, nganti ing negarané (Priyangan) meh entek wongé.
Sakalahè Wirasaba bupatiné kablenegaké ing banyu nganti tumeka ing pati, lan wong cilik diboyongi menyang Banyumas.
Sultan Agung iku ora ngajeni nyawaning wong, nalika campuhe wadyabala Mataram ana ing Surabaya iku wong Mataram kang mati 40.000 lan Kangjeng Sultan iya ayem baé, pangandikané: tanah Mataram isih sugih wong.
Jalaran kang mangkono mau wong cilik padha ora bisa nggarap sawah, regané beras saya larang lan wongé saya ora kacukupan. wuwuh wuwuh kaambah ing pagering, mulané ing tahun
1618 lan 1626 akèh padésan ing Tanah Jawa kang wongé mung kari 1/3, kang 2/3 padha mati. Wragad perang iku iya ora sethithik, lan sing kudu nganakaké iya wong cilik, Sultan Agung ora kagungan welas marang mungsuh, malah sénapati lan prajurite dhéwé iya sok kapatrapan paukuman kang ora murwat, yaiku yèn perangé kalah.
Miturut crita, saundure wadyabala saka Betawi, Sultan Agung dhawuh matèni wong 4.000; wong samono mau kalebu para garwané baureksa, kang tiwas ana ing peprangan.

Nalika perang Mataram JP. Coen wis kraos gerah, nanging meksa nyenapati ing perang, dadi kasengka banget.

Wasana ing tanggal 20 September 1629 gerahè banget dadakan, nganti dadi lan tiwasé.

Wis tetéla banget yèn tujuné Compagnie nganti seprono mung murih ajuning dedagangané. Sarèhné kang dikukuhi banget pranatan monopolie, mulané kudu bisa mbalekaké panémpuhe wong Europa liyané.
Bisané kelakon, mung yèn prajurite dharatan lan lautan sentosa, perlu kanggo ngukuhi kantor kantor ing Betawi, lan uga kanggo nanggulang ardané Mataram.
Coen iku kena diarani wong pinunjul, katandha nalikané adegé Betawi bisa ngunduraké
ardaning mungsuh nganti kaping pindho (Inggris lan Mataram) senadyan tansah karoban lawan, tindaké ana ing Moloko tetep diarani siya, ewadéné meksa klebu wong ambek sudira ing
pakéwuh lan ora wegahan.
Enggoné nglabuhi tanah wutah rahè tanpa pamrih nganti tekan ing pati.
Sasédané GG. JP. Coen kang gumanti J. Specx (tahun 1629 – 1632) tumuli H. Brouwer 9tahun
1632 – 1636).

Wiwit adegé A. van Diemen dadi GG., Compagnie ngancik ndedel dedelé, awit van Diemen pancèn GG. kang cakep ing bab sakabèhe.

Dhek samana VOC. perang manèh lan mungsuhe lawas yaiku bangsa Portegis.
Ing tahun 1638 jajahané wong Portegis ing Ceylon karebut ing sénapatining VOC. banjur
Compagnie diidini ngadegaké bètèng lan nindakaké monopolie daganagan manis jangan.
Ora antara suwé bètèng Malaka, kang kalebu sentosa banget, kinepung wakul lan diperangi bala
VOC.
Nganti suwé wong Portegis panggah. Ing tahun 1641 sénapati Walanda Caerteku dhawuh ngrangsang bètèng, wasana bedhah.
Ing ngatasé wong Portegis ilangé kutha Malaka iku kerugian gedhé banget.
sarèhné banjur uga kelangan jajahan ing pasisiré tkatah Coromandel lan Malabar, wong
Portegal prasasat tanpa panguwasa ana ing tanah Asia.
nalika bedhami ing tahun 1641 wong Portegis dipeksa nuruti baé.

Mungguh ing ngatasé Compagnie, bisa oleh kutha Malaka kauntungan gedhé, awit ndadèkaké wediné para ratu bangsa bumi kabèh. Padagangané Malaka ngalih menyang Betawi.

Nalika jamané GG. van Diemen kutha ing Betawi digedhèkaké lan dibecikaké.

Jiwané 9.000, wong Walanda 3.000 luwih.

Ing sajabané kutha wiwit akèh pasanggrahané para gedhé. Ing sajroning kutha wong laku dagang maju banget.

Kacarita karajan Mataram ing wektu iku banjur rukun baé lan Compagnie.

Ing tahun 1646 VOC. prajangjian karo Mataram (nalika jumenengé Mangkurat I). Ing saben tahun Compagnie kudu nglakokaké utusan menyang Mataram.

Wong Jawa kena dedagangan ing sadhengah panggonan kejaba ing Moloko. VOC. lan Mataram padha déné ora kena ngrewangi mungsuhe.

Ing sabakdané tahun 1629 kerep baé Banten memungsuhan lan Betawi, marga wong Banten ambubrah monopoliening VOC. karo wong Moloko.

Pelabuhan banten kerep banget dibarisi ing prau perang Walanda, dadi kutha Banten padagangané mati.

Ing tahun 1645 Banten gawé prajangjian lan VOC.

Dadi tetéla yèn panguwasané Compagnie tansah mundhak gedhé.

GG. van Diemen arep nggedhékaké padagangan ing tanah Cina lan Jepang.
Ing tahun 1642 ana wong Walanda, aran Abel Tasman njajah ngétan nemu pulo pulo anyar ing wewengkoné Australia iya iku Nieuw Zeeland lan Van Diemensland (saiki aran Tasmania). Tanah australia diarani Nieuw Holland.

nalika jaman Sultan Agung ana owah owahan bab umuring tahun.

Kang dienggo tumekané jaman iku diarani tahun Saka, umure kaya déné tahun Christen ((+/- 365 dina) wiwite tahun nalika tahun christen wis tekan angka 78.

Wiwit tahun Saka 1555 (= 8 Juli 1633) umure disalini manut lakuning rembulan ( 1 tahun = 355 dina)
dicocogaké karo tahun Arab kang dhèk samono wis tekan angka 1.043.

Tumekaning saiki kabèh mau isih dipacak ana almenak, kayata: 1 januari 1925 = 5 Jumadilakir Dal
Windu Sengara 1855 (Jawa) = 5 Jumadilakir 1343 (Arab).

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi-part2.html
Gounerneur Generaal Van Diemen
http://www.zonawin.com
Taruhan Bola




Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 8
Kraman ing Moloko (1650 – 1653) Mataram Jamané Amangkurat I lan Amangkurat II. Kraman Trunajaya.
Perang Banten.


1645 – 1677 Mangkurat I
1650 – 1653 GG. Reiners
1677 – 1703 Mangkurat II
1653 – 1678 GG. Maetsuyker

1678 – 1681 GG. Rijklof van Goens

1681 – 1684 GG. Speelman

Dhek jamané GG. van Diemens VOC. ana ing pulo pulo Moloko nemu reribet, marga saka anané monopolie, tanah moloko suda banget karaharjané, wong bumi padha ngrekasa uripe.

Wong cilik ora gelem netepi prajangjiané monopolie, padha laku dagang colongan. Punggawané VOC. nyirep kraman kanthi tindak keras.

Nuli wong Maloko dibiyantu ing Sultan Ternate, mulané saya ndadra.

Wasana GG. van Diemens tumindak dhéwé, tindaké keras nanging ndalan, temahan kraman bisa mendhak.

Ing nalika jamané GG. Reiners (tahun 1650 – 1653) ing Ternate lan Ambon ana kraman manèh kang marga saka pangojok ojoke wong Makasar.

Wong bumi padha nggrundel ora trima, awit A. de Vlaming, Gouverneur ing kapulowan Moloko dhawuh mababadi tanduran bumbu craken kang dianggep turah, murih ora ngedhunaké regané dagangan.

Yèn wong bumi ora nuruti, prajurit VOC. lelayaran mrana ngrampungi pasulayan kantho wasésa
(hongi).

Enggoné nyirep kraman A. de Vlaming kanthi kekerasan, akèh wong kang dipatèni utawa  dibuwang . Wasana pulo pulo akèh kang suwung.

Wiwit ing wektu iku dikenakaké nandur cengkeh mung wong ing Ambon lan pulo pulo cilik sisih wétan, kang kena nandur pala mung wong ing Bandha.
Amarga saka anané planggeran mau wong bumi akèh kang padha kemlaratan. Wasana ora ana sranané kanggo mbangkang manèh.

Bareng Moloko wis tentrem, nalika kang jumeneng GG. Maetsuycker VOC. merangi Makasar. Hasanudin, ratu ing Makasar tansah nulungi wong bumi ing Moloko.

manèhe VOC. ora oleh idin ngadegaké loji ana ing karajan Makasar. Enggoné mumungsuhan VOC. lan Hasanudin nganti ambal kaping telu. Wekasané ing tahun 1667 Cornelis Speelman didhawuhi nandangi Hasanudin.

Aru Palaka ratu ing palaka mbantu Compagnie, jalaran karajané direbut kagamblokaké marang.

Makasar, rama lan eyangé Aru Palaka kapatènan ing Ratu Makasar.

Putusaning perang Hasanudin kapeksa nganggep prajangjiané VOC. tahun 1667. Miturut jenengé papan prajangjian mau diarani prajangjian ing Bonggaya.

Bedhahè Makasar iku ing atasé VOC. akèh banget pakolehe, awit iku dadi dhedhasaring panguwasa ana ing Celebes sarta pamengkuné marang sakabèhing pulo pulo ing Moloko. Minangka ganjaran Aru Palaka didadèkaké ratu ing Boné.
Surasané prajangjian ing Bonggaya prakara warna warna, kayata: Makasar lan Goa ngakoni pangayomané VOC. apa déné Florès lan Sumbawa mari dadi jajahané Makasar.
bangsa manca kang kena dedagangan ing Moloko mung VOC. baé. Wong Makasar kudu nglèrèni enggoné lelawanan dedagangan lan Moloko.

Sasédané Sultan Agung ing Mataram tansah ana kraman utawa perang, ndadèkaké gempaling karajan. Kang misuwur iya iku kramané Trunajaya, sebabe mangkéné:

1. Pangéran Arya Prabu Adi Mataram kang nggentèni Sultan Agung, jejuluk Sunan Mangkurat I, kapinteran lan kekencenganing karsa ora mantra mantra timbang lan kang rama.

Sarèhné wegah memungsuhan lan Compagnie, ing tahun 1646 lan 1652 prajangjian pamitran lan VOC.

Surasané prajangjian 1652 ana kang nyebutaké bab tapel watesé jajahaning Compagnie sisih wétan, iya iku kali Citarum.
Ing tanah Mataram akèh para gedhé kang nggrundel ora narima marang tindaké

Mangkurat mau.

2. Sunan Mangkurat ala banget pangrehe praja, jalaran ketungkul mbujeng marang kamukten nganti nukulaké panggalih siya.

Para kawula gedhé cilik ora ana kang njenjem uripe, jalaran saka siyané Sang Prabu. Nalika jumeneng anyar anyaran nenumpesi mitrané kang rama akèh.
Saking kalulute marang pakareman kang nistha nganti wentala mutahaké getihe wong kang tanpa dosa.
Kaya déné nalika garwané kekasih séda, nuli dhawuh nyekel wong wadon 100 dikurung ing pasareyan nganti mati kaliren.

3. Ing Madura ana sawijining Pangéran kang duwè tekad arep ngraman, manggedhéni para gedhé ing
Mataram lan Madura, merangi Mangkurat.

Pangéran mau wayahè Cakraningrat I ing Sampang saking amoeyan, jenengé Trunajaya.

Senadyan Trunajaya ora nduwèni waris kadipatèn, ewa déné ngarah jumeneng adipati ing Madura. 

Nalika kang paman jumeneng adipati, jejuluk Cakraningrat II gampang baé Trunajaya enggoné ngelun wong Madura, awit sang adipati tansah ana ing Mataram baé.

Ing tahun 1674 kraman wis ngrebda banget. Trunajaya dibantu ing wong Makasar kang padha lunga saka tanahè dhéwé ngalambrang, gawéné mbebajak.

Tanah Jawa Wétan enggal ditelukaké.

Bareng kraman saya mengulon, Mangkurat I saya kuwatir, nuli mundhut pitulungané Compagnie. Prentah ing Betawi kang sakawit mangu mangu, nanging bareng saya krasa kapitunan enggoné dedagangan marga saka panggawéning kraman, ing wasanané gelem tetulung.

Ing kawitané prajurit Walanda kerep bisa mbalekaké kraman saka sawenehing panggonan, nanging saya suwé saya cabar, kraman saya maju, tanah pasisir lor lan Tanah Jawa Tengah pasisir wétan wis katekem ing kraman, Trunajaya banjur akadhaton ing Kedhiri.

Prentah ing Betawi wiwit anggraita yèn pananggulanging kraman Trunajaya kudu ditumeni. Ing tahun 1677 ana wadyabala Compagnie menyang Jepara, disénapatèni Cornelis Speelman.

Dhisike trunajaya arep dirukun, nanging ora gelem. C Speelman nuli prajangjian: lan Sunan Mangkurat I, surasaning prajangjian: Compagnie bakal mitulungi Mangkurat, nanging njaluk liru ragading perang, undhaking jajahan, lan wewenang ing prakara dedagangan.

Speelman banjur wiwit merangi kraman, nanging mung bisa ngejègi Surabaya, déné jajahané Trunajaya saya mundhak, malah wis bisa nggepuk Karta, kutha larajaning Mataram.

Upacaraning kraton diboyong menyang Kedhiri. Sunan Mangkurat kèngser, tindak mangulon didherekaké ing Sang Pangéran Adipati Anom.

Mungguh kramané Kangjeng Sunan mau nedya ketemu panggedhéning Compagnie ing Jepara, nanging ana ing dalan séda (tahun 1677) kasarekaké ing Tegal Arum.

Nganti saprené Mangkurat I isih katelah nama Sunan Mangkurat Tegal Arum.

sasédané Sunan Mangkurat I Sang Pangéran Adipati Anom gumanti jumeneng nata, jejuluk Sunan Mangkurat II, nanging sasat ora jumeneng ratu, awit kang nganggep mung para kawula lang nderekaké, malah kang rayi Sang Pangéran Puger, kang ana Mataram iya ngaku jumeneng Sunan.

Sunan Mangkurat II banjur tindak menyang Jepara, mundhut tulung marang Compagnie, ngèstokaké dhawuhe kang rama.

C. Speelman saguh mitulungi, nanging nganggo prajanji.

Wosing prajangjian Jepara:
VOC. nganggep ratu marang Mangkurat II
VOC. kena dedagangan ing satanah Mataram, kena nglebokaké dedagangan ora wenang dijaluki beya.
jajahan VOC. mangidul tekan segara, mangétan tekan Cimanuk, apadéné kutha Semarang sawewengkoné.
GG. Maetsuycker lan keh kehing para liding Raad van Indie ora rujuk karo kareping para Bewindhebber, pangrehing VOC. ana ing tanah Walanda; aliya saka iku Trunajaya wis kegedhén panguwasané, mangka Sunan Mangkurat II wus prasasat tanpa daya, wuwuh wuwuh prentah ing Betawi lagi karepotan ora bisa oleh  pitulungan saka nagara Walanda, tur nemu pakéwuh karo Banten.

Ing tahun 1678 GG. maetsuycker séda digenteni Rijkloff van Goens. Priyagung iku nemeni enggoné nandangi Banten.

Rijkloff lan Speelman padha sabiyantu ngrampungi kraman Trunajaya, aja nganti kedhisikan ditempuh wong Banten.

Rijkloff van Goens banjur ngutus wadyabala gedhé menyang Tanah Jawa Tengah nglurugi Trunajaya. Trunajaya iya metukaké, nanging suwé suwé keplayu marang Kedhiri.

Kedhiri nuli dibedhah klawan rekasa, nanging Trunajaya oncat ngungsi marang pagunungan saloré gunung Kelut.

Kapitan Ambon aran Jonker kautus ing Kangjeng Susuhunan ngelut playuné Trunajaya. Dalan dalan sakubengé pandhelikané Trunajaya dijaga prajurit, wusana Trunajaya nungkul. Kangjeng Susuhunan arep priksa marang Trunajaya nanging bareng disowanaké ing ngarsané, nuli diperjaya ing Sang Prabu piyambak (tahun 1680).

Senadyan ing tahun 1652 wis ditemtokaké yèn Cisédané kang dadi tapel watesé Banten lan jajahan VOC., ewa déné wong Banten iya ora wedi njejarah, mbegal ing sawétané Cisédané. Ing tahun 1656 kelakon dadi perang nganti tumeka tahun 1659.

Ing salebaring perang mau VOC. meksa durung rukun karo Banten.

Ing wektu samono kang jumeneng ing Banten Sultan Agung Abul Fatah utawa Tirtayasa.

Sang Prabu pancèn ratu peng pengan, kang diudi mumbuling negara lan undhaking jajahan, mulané sengit banget marang Compagnie, awit digalih ngalang alangi pangelaring jajahan.

Saka pambudidayané Sultan Agung kelakon kutha Banten bisa reja lan ramé.

Wong Inggris, Denmarken lan Prasman padha oleh idin dedagangan ana ing Banten.

nalika kraman Trunajaya Sultan Agung ora gelem nganggep ratu marang Mangkurat II lan mitulungi marang Makasar mungsuhe VOC.

Pangarep arepe yèn prajurit VOC., suda banget, wong Walanda banjur gampang kalahè karo Banten.

Ing sesirepe kraman mau rehné GG. Spellman wis mangerti sedyané Sultan Agung yaiku arep enggal merangi Betawi, mulané banjur tata tata.

Kabeneran banget ing atasé VOC. ing tahun 1682 ing Banten ana geger, jalaran Sang Pangéran Adipati Anom Abdul Kahar (banjur jejuluk Sultan Haji) lan rayiné Sang Pangéran Purbaya rebut kalenggahan Pangéran pati, iya iku biyantu kang rama ngasta paprentahaning negara.

Sultan Haji rekasa banget, awit Sultan Agung mbiyantu Purbaya, nuli Sultan Haji njaluk tulung marang VOC., kang saguh arepnulungi, jangji wong Walanda ing Banten oleh monopolie. Sultan Agung banjur keplayu dioyak ing prajuri Compagnie.

bareng kecekel dikunjara ana ing Betawi nganti tekan ing sédané (tahun 1692).

Wosé prajangjian ing tahun 1684 wong Inggris lunga saka Banten, nuli ngalih menyang Bengkulen. 

Kejaba iku VOC. wenang mèlu ngrembug ruwet rentenging nagara ing Banten.

Wiwit ing jaman iku Cirebon uga mèlu ngaub marang VOC.

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi-part2.html
Cornelis Speelman

http://www.zonawin.com
Aru Palaka
http://www.zonawin.com
Taruhan Bola




Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 9
Mataram Nalika Perang Rebut Kaprabon
Kang Sapisan (tahun 1704 – 1708)
lan Kapindho (tahun 1719 – 1723)



1703 – 1704 (1708) Sunan Mas,
Mangkurat III

1691 – 1704 GG. van Outhoorn
1704 1719 Pangéran Puger,
Pakubuwana I

1705 – 1706 GG. van Horn
1719 -1727 Prabu Mangkurat IV


Kang anjalari perang rebut kaprabon kang sapisan iya iku congkrahè Sunan Mas karo Pangéran Puger, apa déné éra éru marga saka panggawéné Untung Surapati.

Untung Surapai iku batur tukon saka ing Bali, wis dadi prajurit ing Betawi, diunggahahè dadi
Litnan manggedhéni prajurit Bali sagolongan.
Nalika perang Banten Untung minggat ndherek Sultan Agung ing Banten, salebaring perang nuli nggawa kancané sawatara klambrangan ana ing bawah Priyangan, gawéné njarah rayah. Bareng dioyak ing prajurit VOC. Untung Surapati sakancané Bali mlayu mangétan nyuwun pangauban marang Sunan Mataram.
Senadyan Untung Surapati mungsuhing VOC., ana ing Kartasura ditampani becik malah dadi andhel andhel GG. Champhuys nuli utusan Mayoor Taak menyang Kartasura perlu nyekel Suntung Surapati lan nagih utangé Marang marang VOC.
Nalika prajurit Walanda teka ing kutha, wong Jawa lan wong Bali wis perang dhéwékan. Sasuwéné ing paperangan geger gegeran, Mayoor Tak di kroyok ing gegaman, prajurit 70 kang mati. Untung Surapati sakancané bablas mlayu mangétan.

Ana ing Pasuruwan Untung Surapati ngedegaké karajan.

Untung Surapati jumeneng adipati jejuluk Wiranagaram jajahané saya jembar, nenelukaké ing sakiwa tengené malah nganti tekan ing Kedhiri,

Sarèhné Untung Surapati saya ndadra, Mangkurat II minta sraya marang VOC. nanging GG. van Outhoorn durung mituruti.

Nalika semana ing saTanah Jawa akèh sekaitan nglawan wong Walanda.

Sawènèhing panggonan disebari layang nyalawadi kang ngemu rasa ngojok ojoki numpes wong ”kapir”.

Akeh priyagung Banten lan Mataram sing padha mbiyantu sekaitan iku.

Malah ana wong Malayu saka Sumatra aran Ibnu Iskandar kang mèlu dadi penuntuné sekaitan mau, nglurugi Betawi nggawa prau akèh.

Bareng konangan ing Walanda banjur ditempuh rusak bebarisaning prau. Prakara iku njalari enggoné VOC. ora gelem ngrewangi Mangkurat II.

Ing tahun 1703 Mangkurat II séda, kang gumanti jumeneng, Sunan Mas utawa Mangkurat III; marga saka cacadingsampeyan, uga katelah asma Sunan Kencèt.

Sunan Mas congkrah lan pamané Pangéran Puger, mungguh kang dadi jalarané iya saka siyané Kangjeng Sunan.

Sunan Mas iku pancèn misuwur siya lan sawenang wenang tindaké.

Pangéran puger lolos saka Kartasura, tindak menyang Semarang mundhut pitulungan Compagnie. Sunan Mas wis rambah rambah kirim layang menyang Betawi, mundhut balining pamané, nanging ora direwes, awit paréntah ngerti yèn Sunan Mas sekutu lan Untung Surapati nedya nglawan Compagnie.

Paréntah Betawi uga ora gelem nganggep Sunan marang Mangkurat III; kang dianggep malah Pangéran Puger, awit Sang Pangéran ana ing Semarang uga wis kaangkat Sunan déning para priyagung akèh, jejuluk Sunan Paku Buwana.

Anané perang rebut kaprabon iku wiwit ing tahun 1704, tekan tahun 1708.

Marga saka pitulungané VOC. Paku Buwana bisa lestari jumeneng ratu, nanging miturut perjanjian ing tahun 1705 jajahané VOC. dielar mangétan, watesé sisih lor Cilosari, ing sisih kidul Cidhonan ing Cilacap.

Sunan Mataram wis ora duwèni wewenang ing atasé tanah Sumenep lan Pamekasan. VOC. diwenangke kena sediya prajurit ing Kartasura manèh.

Nalika Kartasura ditekani wadyabala Walanda, Sunan Mas lolos mangétan mundhut pitulungan marang Untung Surapati.

Ing tahun 1706 prajurit VOC. kang disénapatèni Knol nempuh ing Bangil, yaiku bètèngé Untung Surapati kang santosa dhéwé.

Ing Bangil bedhah, nanging untung Surapati ora kecekel, mung baé amarga ketaton ora antara lawas mati.
Ing tahun 1707 ana prajurit VOC. nglurug mangétan manèh merangi para anaké Untung Surapai kang mbiyantu Sunan Mas.

Ing tahun 1708 Sunan Mas asrah bongkokan marang Knol, nuli kakéndhang menyang Ceylon. Ing tahun 1719 Paku Buwana I séda, njalari perang rebut kaprabon kang kapindho.

Para sadhereke Sunan anyar Prabu Mangkurat IV padha mèrèkaké nganti nganakaké perang.

VOC. mitulungi marang Mangkurat IV. Para panganjure kraman padha dibuwang menyang Ceylon utawa menyang jajahan Compagnie ing Afrik sisih kidul (Kaapkolonie).


http://www.zonawin.com
Taruhan Bola




Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 10
Kaanané VOC Wiwit Tengahè Abad 17
Tumekané Tengahè Abad 18


Nalika J. Maetsuycker madeg dadi Gouverneur Generaal (tahun 1653 – 1678) jajahan darbeke
Compagnie wis rada akèh.

Betawi lan wewengkoné, wiwit tahun 1619
Kutha Malaka lan wewengkoné, tahun 1641
Ambon, Kepiloan Bandha, Makasar, tahun 1667
Punto de Gale lan Legombo ing Ceylon, tahun 1658
Tlatah tlatahané pasisir Coro9mandel, lan Malabar, tahun 1661
Kejaba iku VOC. iya duwè kantor ing pasisiré sunglon Persi, ing  Benggala, Siyem, Formosa lan
Decima.
Saking jembaring jajahan lan kehing kauntungan VOC. bisa sugih lan kuwasa.
Para aandeelhouder wis akèh banget bathiné, ngungkuli bathen kang wis katemtokaké, iya iku
12,5%.
Ing tahun 1642 bageyaning Bathi nganti mundhak tekan 50%, VOC. dadi ndedel, ing saantarané tahun 1630 lan tahun 1650 bisa tikel 3 utawa 4.
Kauntungané VOC. iku jalaran saka pranatan monopolie.
Marga saka monopolie mau VOC. bisa kulak murah lan yèn dodolan dilarang larangaké. Upama bumbu craken: pangulaké pala sa”pun” terkadhang mung 7,5 sèn, pangedole 3,5 rupiyah.
Pangulaké cengkeh sa ”pun” 20 sèn, pangedole sok 10 rupiyah.

Pangrehing VOC. (Bewindhebber) ing tanah Walanda kang diarah mung ngencengaké pranatan monopolie, ora susah njembaraké jajahan.

VOC. kudu ngedegaké lojo loji manèh, awit VOC. kudu mung salugu dedagangan. balik pangrehing VOC. ing Betawi karepe ngendhokaké monopolie.

Wong bumi kerep disuwunaké idin GG. Coen lan van Diemen prakara kamardikaning dedagangan, nanging para Bewindhebber ora mituruti.

Punggawané VOC. akèh kang wong asor lan ala, wuwuh wuwuh blanjané ana ing tanah Indhiya mung sathithik.

Blanja kawitan (asisten = carik) mung 10 rupiyah, banjur mundhak 55 rupiyah (koopman) lan 75 rupiyah (opperkoopman) ing sasasiné.

Blanja sathithik mau tampané nganggo dicowok umpamané kanggo tetanggungan.

Kang mangkono iku njalari para penggawa padha dagang peteng utawa dagang colongan.

Ananging sarèhné dagangan VOC. nalika semana gedhé banget lan bathiné dudu sebaéné dai prakara klèruné pranatan monopolie apa déné tindaké para punggawa sing ora bener isih samun durung pati ketara.

Ing kawitané abad kang ping 18 jajahané VOC. akèh banget, apa manèh ana ing Tanah Jawa. Jajahan lan panguwasané karajan Banten lan Mataram saya kalong kalong.

Betawi, krawang tekan kali Indramayu, Priyangan tekan segara kidul; Semarang lan wewengkoné (tahun 1677), Cirebon wus ngaub marang VOC.
Tapel watesé jajahan Banten sisih wétan Cisédané. Jajahan VOC. mangétan tekan Cilosari lan
Cidhonan (tahun 1705).
Ing tahun 1659 VOC. prajangjian karo Sultan ing Palembang, oleh idin ngedegaké bètèng ing bawahè.
Ing tahun 1667 VOC. ngedegaké loji ana ing Padhang.
Sawisé prajurit Walanda mitulungi marang para kawulané ratu Aceh, kang jajahané dhèk mauné ketug ing Indrapura (Sultan Iskandar Muda), VOC. ora mung katon gedhé panguwasané nanging iya katon sugih.
Kutha Betawi saya suwé saya gedhé lan asri, nganti diarani ”Ratuning kutha ing bumi sisih wétan”.
Dadi ing jaman iku VOC. kaya kaya lagi mumbul mumbule.

Mungguh ing satemené senadyan gelare kuwasa lan sugih banget, VOC. wis mundur, ngalamat arep bobrok.

Kasugihané saya kalong, malah terkadhang tekadhang uga nganti tuna, nanging kejaba para Bewindhebber ora ana kang ngerti, awit digawé wadi banget.

Para Bewindhebber enggoné aweh dividend (anakaning andhil) marang para aandeelhouder isih ajeg akèh.

Dadi saya suwé bandhané VOC. saya suda.

Mungguh karepe para Bewindhebber enggoné ngrendhem wadi mau, supaya VOC. diaaranana isih sugih lestaria diandel aja nganti kepatèn ubed.

Wasana ing tengahingf abad 18, VOC. wis katandhegan utang 3 yuta.

Kang dadi jalaran sudané kasugihan VOC. warna warana, kayata:
1. Kehing wragad VOC. kanggo peperangn, tansah kapeksa sediya prajurit lan prau perang akèh.
2, Rehné jajahan saya jembar, punggawa saya mundhak akèh, anjalari undhaking wragad.
3. kauntungan laku dagang wis ora kaya wis ora kaya dhèk abad kang kepungkur, awit akèh punggawa VOC. lan wong bumi padha laku dagang peteng utawa dagang colongan, VOC. enggoné mblanjani punggawané kesethithiken, dadi punggawané mau kepeksa golèk kauntungan liya sarana dagang peteng.
Déné wong bumi enggoné dagang colongan lelawanan wong Inggris utawa bangsa manca liyané.
Marga saka malaking VOC. enggoné nindakaké monopolie, wong bumi padha gelem nerak prajangjiané monopoli.
Rèhné wong bumi wis dadi mlarat marga saka pamering VOC. lan punggawané karajan Jawa, barang pedagangan saka Europa mung sathirhik payuné.
4 VOC. enggoné dedagangan ana ing Europa kerep tuna banget, marga dijori ing bangsa Inggris lan Prasman.

Rekané para Bewindhebber enggoné arep nututi kapitunané serana ngencengaké tindaking monopolie lan nglarangi dagang peteng.

Ewa déné sanadyan dagang peteng iku dilarangi banget kantho ukuman abot, meksa saya ndadra, awit VOC. ora ngundhaki blanjané punggawané, lan pangulaké barang dedagangan kemurahen.

Ana reka dayané VOC. kang sakawit ndadèkaké kauntunganing VOC, dhéwé lan bangsa bumi, yaqiku enggoné nganakaké wulu wetu liya, kayata: nila, lawe, secang (kanggo pulas). Kang akèh banget pametuné yaiku kopi.

GTG. Zwaardekroon ngudi banget marang ajuning tanduran kopi mau (tahun 1718 – 1725).

Wiwit VOC. dagang kopi iku mauné saka rembuge P. van den Broecke, nalika isih ana ing Mokka
(jajahan Arab).
Saya suwé kopi mau ana ing Europa saya payu.
VOC. enggoné kirim kopi weton Mokka menyang Amsterdam ing sataun tauné nganti 300.000 pun.
bareng wong Turki ngengèl engèl wetuning dagangan kopi, VOC. nuli nyoba nandur dhéwé ana ing Tanah Jawa (tahun 1706).
GG. Zwaardekroon prajangjian lan wong bumi dikon nandur kopi, pametoné saben sadhacin bakal dituku 15 ringgit.
Wong bumi seneng atiné déné pituwasé mèmper, mulané iya saya maju panggarape, Tanah Jawa saya akèh pametuné.
Nanging suwéning suwé VOC. saya sawenang wenang, regané kopi didhunaké nganti 1 dhacin mung diajeni 5 ringgit. Wong bumi banjur suda kamajuwané, wit kopi akèh kang ditegori.

Ing tahun 1721 Paréntah ing Betawi meh baé kabilaen, marga saka panggawéné Pieter Elberfeld,  iya iku sawijining Walanda pranakan Jerman lan Jawa.

Pieter Elberfeld mau duwè sedya arep ngraman jalaran nalika patiné bapakné saperanganing warisané dadi meiking Paréntah.

Pieter Elberfeld banjur ngirup bala dibantu wong Jawa, aran Kartadriya andhel andhele Untung Surapati.

Ana bangsa mutihan kang ngojok ngojoki wong sarana andum jimat.

Karepe Pieter Elberfeld sakèhing Walanda bakal ditumpes, dinané ditemtokaké tanggal 1 Januari 1722. Bareng ndungkap tumekaning wektuné, Paréntah Betawi lagi baé oleh warta. Pieter Elberfeld sakancané enggal ditukup; sawusé ngaku banjur dipatèni siya siya.

Endhasé Pieter Elberfeld dikethok, ditanjir ana ing regole pekarangané dhéwé, omahè dirombak, pomahané disangaraké ora kena dienggoni ing wong.

Dhawuhe Paréntah katulis ing watu, tumekané saiki isih tetep mengkono.

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi-part2.html
Kutha Batavia ing tahun 1682
http://www.zonawin.com
Taruhan Bola





Kutha Batavia ing tahun 1682
Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 11
Panguja ngujané Wong Betawi Marang Cina, lan Pengramané Wong Cina.
Mas Garendi didadèkaké Ratu Penglawané Paku Buwana II.
Pambelané Mangkubumi lan RM Said lan Pecahing Nagara.
Perang Banten.



Mas Garendi (wayahè
Mangkurat III) utawa Sunan Kuning, Mangkurat V. Mangkubumi, Pangéran Mas Said
1727 – 1749
Paku Buwana II
1725 – 1729
M. de Haan
1755 Hamengku Buwana I
1749 – 1788
Paku Buwana III.
1637 – 1639
A. Valckenier
1757 Mangku Nagara

1743 -1750
G. van Imhoff


1750 – 1761
J. Mossel

Ing wiwitané abad kang kaping 18 Betawi akèh banget Cinané.

Ora antara suwé wong Cina mau akèh sing angguran; ing kutha Betai lan wewengkoné kerep ana rerusuh.

Ing saadegé Betawi akèh wong Cina kang diboyongi saka Bnten menyang Betawi kanggo ngrejakaké kutha, awit wong Cina mau sregep lan pinter gegawéyan.
Sesanggané dientengaké, supaya Cina liyané padha kepengin gelem manggon ing kono.
Wasana ing wiwitané abad 18 duga duga ing sajroning kutha baé ana jiwa Cina 60.000 lan ing wewengkon Betawi 40.000.
Déné kang dadi pangupa jiwané, nenukang, adol gula, teh, nganti akèh kang bisa dadi sugih. Ewa déné suwé suwé ing Betawi saya akèh Cina kang ora duwè panggaotan, gawéné mung ngemis, malah ora sethithik kang gelem nindakaké kadurjanan.
Kang ndadèkaké ora trimané wong Cina iya iku:
1.   Dhawuhe GG. van Swol (tahun 1713 – 1718) bab reganing teh Cina.
Tekané Cina saka ing negarané padha numpang prau kang momot teh didol marang
VOC.
Bareng para Bewindhebber rumangsa ora pati akèh kauntungané enggoné dagang teh, GG. mau banjur namtokaké yèn teh weton negara Cina, kang mauné diajeni 60 rupiyah ing sadhaciné, ing sabanjure bakal diregani 40 rupiyah.
Temahan nuli ora ana prau momot teh teka ing Betawi.Saka pangudining GG. Zwaardekroon wiwit ing tahun 1722 ana prau momot teh   manèh teka ing Betawi.
2.   Ing tahun 1706 wis ana angger nglarangi wong Cina teka ing Betawi tanpa panggaotan.
Wiwit tahun 1722 Paréntah dhawuh nggawa Cina kang tanpa panggaotan, menyang
Ceylon, Bandha utawa Kaap de Goede Hoop.
Mung kang duwè layang pratandha idining Prentah, kena lestari manggon ing Tanah
Jawa.
Ewa déné ing Betawi ing Betawi ora entek entek Cinané kang angguran sarta gawé rerusuh.

Wusana ing tahun 1740 GG. Valckenier nemtokaké putusan: sakèhing Cina kang sakira nyumelangi, senadyan duwè layang pratandha, kudu dicekel kalebokaké ing kunjaran, perlu katiti priksa.

Cina mau yèn ora duwè panggaotan kudu digawa menyang Ceylon, diwènèhi pagawéyan nggarap kebon manis jangan.

Para punggawa kang nindakaké dhawuh mau, pada golèk kasil, senadyan Cina sugih padha diancam arep dikirimaké menyang Ceylon, supaya metu beselé.

Wekasan dikabarkaké yèn kareping Paréntah nedya numpes Cina kabèh.

Cina padha muring kamoran wedi, akèh kang lunga saka kutha, klambrangan gawé rerusuh malah nganti wani nempuh kutha.

Wong Walanda saya giris bareng krungu warta yèn kraman sajabaning kutha sekaitan karo kang ana ing jeron kutha, pratandhané déné padha tandho gegaman lan nyingkiraké anak bojoné; besuk yèn ana omah kobong Cina jaban kutha lan jeron kutha bakal bebarengan nempuh.

Dumadakan sawijining dina ana omah kobong temenan.

Bangsaning Walanda arahan dibantu para matrus sarta saradadu apa déné wong Jawa lan batur tukon banjur padha tumandang ngiras males ukum marang pangrusaké Cina.

Genining omah kang kobong diubal ubal, sakèhing Cina kang ora bisa oncat padha dipatèni, barang darbeke dijarah rayah.

Nganti saminggu suwéné mung mangkomo baé kaanané.

Omah kang kobong ana 600, Cina kang dipatèni kira kira 10.000. Nguninani pangrusak kang ngegirisi iku, Prentah ing Betawi kèndêl baé. Para prajurit mèlu gawé rusuh ora dilarangi.

Malah nalika lagi ana èraèru iku GG. Valckenier dhawuh matèni sakèhing Cina kang ana ing pakunjaran.

Ing satentreming kutha Paréntah ngondhangaké pangapura marang Cina, kang gelem masrahaké gegaman.

Akeh kang gelem manut, nuli diwènèhi panggonan ing jaban kutha dadi sakampung.

Cina kang padha oncat saka Betawi lan Cina ing liya panggonan, ngumpul dadi baris gedhé, ngepung kutha Semarang.

Sunan Paku Buwana II mbiyantu marang Cina, awit digalih Cina bakal bisa nglungaké Walanda, lan banjur dhawuh nempuh bètèng Walanda ing Kartasura.

Para opsir ana ing kono padha dipatèni, saradadhuné dipeksa manjing Islam.

Ing sawusé wong Walanda ing Semarang oleh bantu saka Betawi, wong Cina keplayu.

Wong Madura uga mbiyantu marang VOC. Dhek samana Sunan Mataram sumelang yèn bakal tampa piwalesé VOC. mulané enggal enggoné minta pangaksama.

Para priyagung Jawa kang sengit marang Walanda lestari mbiyantu Cina, dadi mungsuh ratuné dhéwé. Kartasura ditempuh, Paku Buwana II kèngsêr. Banjur Mas Garendi, wayahè Sunan Mas kajumenengaké ratu, ajejuluk Mangkurat V, nanging katekahè sinebut Sunan Kuning.

Paréntah Betawi nuli nglakokaké bala menyang Kartasura.

kabeneran kraman Jawa ecrah lan kraman Cina, dadi gampang enggoné nungkulaké.

Mas Garendi dibuwang. Kratoné Paku Buwana II banjur dielih menyang désa Sala, kang nuli dijenengaké Surakarta Adiningrat.

Pulo Madura lan Tanah Jawa pasisir lor banjur dipasrahaké marang VOC.

Surasané prajangjian ing tahun 1743 mangkéné: Sunan Paku Buwana ngakèni yèn enggoné lestari ngrenggani kaprabon iku mung saka kawelasané VOC.
Bareng Cakraningrat ing Madura tampa dhawuh yèn negarané dipasrahaké marang VOC., banget ing pambangkangé, malah ngejègi tanah Madura sisih kulon, lan tlatah tlatah ing Tanah Jawa Wétan.
Temahan diperangi ing VOC.
Ora lawas Cakraningrat kecekel, dibuwang menyang Kaap de Goede Hoop. Putrané diangkat bupati déning VOC. ngerèh Madura kang kulon.

Tanah wewengkoning Betawi nalika ana kraman banget karusakan.

Dhek samana kang jumeneng Gouverneur Generaal Baron Van Imhogg (tahun 1743 – 1750) iya iku priyagung kang sregep lan cakep ing gawé.

Saka pangudiné Van Imhoff tanahè bisa reja manèh.

Nalika tahun 1744 Van Imhoff pepriksa menyang wewengkoning Betawi nganti ketug pagunungan.
Sawusing papriksa, kersané GG. Van Imhoff, tanah tanah kang bera arep diséwakaké utawa digadhèkaké, kareben metu kasile.
Wong kang nggadhe utawa nyewa tanah bakal oleh wewenang sarta pangayoman saka Paréntah, nanging wulu wetuné kudu didol marang VOC., regané ditemtokaké ing Paréntah.
Van Imhoff dhéwé nuladhani, mbobak tanah ing sukuné gunung Salak, sarta ing kono ngedhékaké pasanggrahan dijenengi Buitenzorg (tahun 1744).
Para Bewindhebber nuli aweh lulusan yèn Buitenzorg katetepaké dadi pasanggrahané para
Gouverneur Genaraal.
Kajaba saka iku Van Imhoff nekakaké wong saka nagara Walanda kang pancèn baku tani. Banjur pranatan kang ndadèkaké kapitunané wong Jawa disuwak, yaiku yèn pametuné kebon kopi kakéyan, kebon mau dibabadi amrih undhaking regané kopi.
Tindak mangkono iku dilarangi, nuli GG. Van Imhoff nemtokaké keh sathithiking kopi kang dadi ladèn marang VOC.
Van Imhoff sawisé njajah Tanah Jawa Tengah sarta Wétan, nuli ngarang layang palapuran kang maedahi banget ingatasé Paréntah.
Ing ngisor iki kacarita bab perang lan reribede VOC. sarta Mataram kang marga saka kurang wewekané tindaké Van Imhoff.

Nalika GG. Van Imhoff ana ing Surakarta ing wektu samono Pangéran Mangkubumi lagi seserikan karo kang raka Kangjeng Sunan.

Saka kersané Van Imhoff arep ngélingaké marang Sang Pangéran nganti kewetu serengé ana ing pasamuan, andadèkaké banget serike Pangéran Mangkubumi, awit rumangsa bener, kok malah disrengeni.

Ing saundure saka pasamuan Sang Pangéran trus lolos saka nagara, ngimpun bala sarta banjur gandheng karo Radèn Mas Said, kang ing wektu iku wis madeg kraman uga.

Priyagung sakaroné wis sekutu ngaraman marang Sunan PakuBuwana II.

Ing tahun 1749 kraman durung kena disirep, banjur Kangjeng Sunan séda, iku saya andadèkaké kisruhing nagara.

nalika Paku Buwana II isih gerah, Van Hogendorp, Gouverneur ing pasisir lor, ditimbali, dingendikani bab oreging nagara.

Dadining rembug karajan Surakarta dipasrahaké babar pisan marang VOC. Dadi ing satemené wiwit tahun 1749 para ratu Jawa wis ora kagungan bumi.

Sanadyan saka karsané kang rama Pangéran Adipati Anom wis ora duwè wenang marang karajan Surakarta, nanging Sang Pangéran meksa kajumenengaké nata déning Van Hogendorp, mung baé enggoné jumeneng mengku nagara dumunung anggadhuh.

Para priyagung ing Surakarta akèh kang mrekitik atiné bareng ngerti yèn tanah Surakarta dadi darbeking VOC., banjur padha mbalik ngiloni Pangéran Mangkubumi.

Sadurungé Pangéran Adipati Anom jumeneng Paku Buwana III, Mangkubumi wis ngaku jumeneng ratu ing Banaran.

Sarèhné Pangéran Mangkubumi kumpul lan RM. Said, dadi santosa banget, nganti bisa ngelun luwih saparoné Mataram.

Paku Buwana III ora kagungan wragad sarta prajurit ora bisa lumawan perang, dadi anané mung mangsa bodhoa marang VOC.

Perangé kraman lan Compagnie genti unggul genti kasoran, wusana ing tahun 1751 Pangéran Mangkubumi bisa ngalahaké Compagnie ing sacedhaké kali Bagawanta. De Clerq sénapatining prajurit, mati.

Sabakdané iku Sang Pangéran ngalakokaké bala mengalor nelukaké Pekalongan malah meh nglojok jajajhan Compagnie.

Paréntah ing Betawi sumelang banget, nuli nyantosani prajurit, wasana Mangkubumi kepeksa mundur, mubet ing wewengkoné Mataram manèh.

Ora antara lawas Pangéran Mangkubumi ecrah lan RM. Said nganti padha peperangan dhéwéhan, awit RM Said duwè pamelik arep jumneneng Sunan dhéwé.

Prakara iku ndadèkaké kamayarané VOC. ewa déné Paréntah iya meksa rada wegah; utawa manèh sarèhné ngeman rusaking nagara lan wong cilik, mulané GG. Mossel rujuk lan karepe Van Hogendorp, para panggedhéning kraman arep dirukun baé, dicuwilaké tanah Mataram. Ing tahun 1754 GG. Mossel tindak menyang Semarang katemu lan Kangjeng Sunan, perlu rembugan enggoné arep mérang karajan Mataram.
Paku Buwana manut baé, awit ora ana kang diendelaké.

Kelakon Van Hogendorp bisa rembugan lan priyagung sakaroné ing kraman, nanging ora kedadeyan. Kang gumanti Gouveurneur Harting iku bisa angon mangsa.

Sarèhné Mangkubumi lan RM. Said tansah memungsuhan, mangka RM. Said kegedhén panjaluk, mulané tumrape Harting gampang baé enggoné bedhami karo Mangkubumi.

Ing tahun 1755 Sang Pangéran Mangkubumi bedhami lan Compagnie sarta Kangjeng Sunan ing Giyanti.

Putusing bedhami Sang Panéran kajumenengaké ratu ngerèh saparoning karajan Mataram, nanging kudu netepi prajangjian kuwajibané marang Compagnie.

Sang Pangéran Mangkubumi banjur jumeneng ratu akadaton ing Ngayogyakarta Adiningrat jejuluk Sultan Hamengku Buwana I, Sénapati Ing Ngalaga Abdulrahman Sayidin Panatagama Kalipattulah.

Wiyosané malem Rebo Pon kaping 27 Ruwah windu Sengara tahun 1641 sinangkalan ”Janma
Karya Wayanging Rat” utawa kaping lima malem 6 Agustus 1717.
mungguh luhuring panggalihané Sang Prabu dicritakaké ing layang Rajaputra, mengkéné : ” Brataning galih sang nata, tansah olah jayeng jurit, atiti prana niskara, sura mbeg putus mikatsih, muja suraning dasih, pinrih samya gregetipun, sura asmarêng laga, memthèk kang wus wiradi, sinakyun dinadar boga busana.
Sinuksma gung bala tantra, panglembanira ngenting, kongas ing prabawa nata, murba prabaning memanis, mawenes ing prajasri, asri rasning rum arum, sumiram wartèng wadya, warata esthining dasih, srah susetya rena lir manggih suwrga.
Warga gung gambira samya, sumyak tejaning nayadi, adining kawirotaman, tumamèng karya narpati, kétang sihnya Sang aji, lumrah kang bala wadyagung, galaking para muka, tanah ing liyan nagari, myang ing manca kekes samya mèstu déya”.
Ing layang Rajaputra kono uga nyebutaké kresanané Sang Prabu: dahar sega pulen wangi, jangan loncom tanpa santen, bubuk dhelé lan tempe gedhé ginoreng.
Kang minangka dhaharan (panganan): ketan entèn entèn, lemper iwak pitik, ketan kolak gedhang raja.
Dadi mung sarwa gampang, tur murah lan mirasa.

Tanah wewengkoné praja Kasultanan dhèk semana ora dadi siji kaya saiki, jalaran lemah lenggahè ing Surakarta lan Ngayogyakarta padha pating plencat lan ora silah. Wewengkoning karajan karo karoné kena kabedakaké dadi telung warna:

1. Negara yaiku kutha karajan;
2. Negara Gung, tanah sakiwa tengené negara, lan
3. Manca negara.

Kanggo lumrah lemah lungguhe para punggawa iku ana ing negara gung, ana siji loro kang ana ing manca negara.

Tanah manca negara mau dipenggedhéni bupati kang banjur kena sanggan pajeg pabandaran (strandgelden), tanah Kejawan mung kari: I. Kutha Surakarta lan Ngayogyakarta II. Negara gung iya iku:

1. Mataram = Ngayogyakarta,
2. Pajang = Surakarta sisih kidul kulon,
3. Sukawati = Surakarta sisih  lor wétan,
4. Bagelen,
5. Kedhu,
6. Bumi Gedhe = Surakarta sisih lor kulon, lan

III. Manca Negara, yaiku Banyumas, Mediyun, Kedhiri, Japan = Surabaya sisih kidul kulon, Jipang = Rembang sisih kidul wétan, Grobogan lan tanah cilik cilik liya sawatara.

Murih dhamangé ing buku Klepu, panggawéné ana ing désa Klepu dhèk tanggal 26 September 1757. nanging buku iku ilang, mulané banjur ndadak gawé manèh ana ing Semarang ( 2 Nopember 1773). Kamot ing layang kang dijenengaké ”Semarangsche Legger”.

Sajroning paprentahané Sultan Swarga, Ngayogyakarta dadi karta raharja, nganti karusakané nalika paprangan wis pulih ora ana labete.

Tumekaning séda, Sinuwun Hamengku Buwana I lestari becik karo Kompeni.

Bangsa Jawa ngluhuraké banget karo panjenengané lan ngalem marang kasetyan lan kasudirané, nanging marga sugengé iku kerep ngrekaos, banjur rada nemahi watek brangasan sethithik. Kerep banget pradondi prakara wates karo karaton Surakarta.

Déné lereme marga ananing wates anyar ing tahun 1773.

Tangkebe karo Pangéran Mangkunegara, yaiku putrané mantu, rada kurang becik.

Luwih luwih wiwit tahun 1763 saploke Kangjeng Sultan mindhokaké putrané (Kangjeng Ratu Bendara) karo Kangjeng Pangéran, banjur kerep banget padha ejèg ingejègan rebutan bawah nganti angèl pisah pisahané, marga prakara enggoné padha pasrahan punggawa kang padha aliyan bendara, banjur padha perang manèh.

Kejaba iku Pangéran Mangku Negara ora saged ngapura marang Sultan Hamengku Buwana I, marga garwané dipundhut bali mau.

Déné kangjeng Sultan ndakwa, yèn Pangéran Mangku Negara gawé rusuh ana ing bawah Kasultanan. Kangjeng Susuhunan ing Surakarta ngéloni Pangéran Mangku Negara.

Perangé iku nganti tekan tahun 1777. Wiwit tahun iku tangkepe Sultan Swarga marang Kangjeng Sunan lan Panéran Mangku Negara katon becik.

Kacarita RM. Said isih mbajuraké perangé, nanging suwé suwé ora bisa lawan, awit dibut prajurit VOC. lan balané Sultan Hamengku Buwana.

Bareng kapepet ing tahun 1757 gelem bedhami ana ing Salatiga; putusané RM. Said kacuwilaké karajan Surakarta, kajumenengaké Pangéran Adipati, jejuluk Mangku Negara, ngerèh tanah Keduwang lan Wanagiri, nanging iya nganggo prajanji mbangun mituru VOC.

nalika VOC. lagi nengah nengahi perang lan kraman Surakarta, yaiku tahun 1750, ing Banten ana kraman uga; mungguh kang dadi jalarané mangkéné: Wiwit ing tahun 1733 kang jumeneng ing Banten Zeinul Arifin.

Iku pangalihané ora kukuh, nganti kena kena diepak ing garwané trah Arab, asma Sarifah Fatimah. karepe Fatimah arep makolehaké kaponakané asma Sarif Abdullah, kang wus kapundhut mantu sarta kaangkat Pangéran déning Sultan Zeinul Arifin.

Nadyan katemtokaké sarembug lan Compagnie, yèn kawenangaké gumanti jumeneng ratu, putrané Kangjeng Sultan kang wus kaangkat Pangéran Gusti, ewa déné Sarifah Fatimah or gumingsir.

Saka pangojok ojok lan wewadule Fatimah, Sultan ing Banten nganti kalimput, duwè panjaluk marang Van Imhoff supaya Sarif Abdullah kenaa kajumenengaké Adipati Anom, déné Pangéran Gusti bakal kalorot.

bareng Pangéran Gusti krungu pawarta kang mengkono iku, engal enggal nyuwun pangéyuban menyang Betawi.

Saking pintere Fatimah lan sumelangé VOC. bok menawa bakal kepeksa perangan manèh yèn ora nurutana karsané Sultan Banten lan Fatimah, murih katentremaning nagara Sang Pangéran Gusti disingkiraké menyang Ceylon.

Let satahun Sultan Banten kaya kaya gerah èngetan klenjit klenjit arep owah, Sarifah Fatimah age age njaluk lèrèhé marang Van Imhoff.

GG. Van Imhoff mituruti, Sultan Banten malah dibuwang menyang Ambon, ora lawas séda ana ing kono, nanging Compagnie bakal ngayomi.

Sakéndhangé Sultan ing Banten, kang ngerèh negara Fatimah kabantu ing Sarif Abdullah.

Sarèhné pangrehe sawenang wenang, tur wong Banten kang dipanggedhéni Ki Tapa lan Ratu Bagus, emoh diratoni ing priyagung kang dudu darah Banten, dadi ora suwé banjur ana kraman.

Compagnie tetulung nguruni prajurit, nanging kalah, awit kraman pancèn santosa. nalika nedheng nedhengé  geger gegeran ing Banten iku GG. Van Imhoff séda.

Saka pamanggihe GG. Mossel, Sarifah Fatimah utawa Sarif Abdullah pancèn ora nduwèni wajib jumeneng ratu, mulané Pangéran Gusti bakal dikonduraké dibiyantu VOC. bisané jumeneng Sultan. Ing tahun 1750 Fatimah lan Sarif Abdullah kecekel kabèh sarta banjur dikéndhang.

Pangéran Arya Adi Santika, kang rayi Sultan Zeinul Arifin katetepaké dadi Sultan, ajejuluk: Abdul Maali Mohamad Wasiul Halimin, nanging nalika jumeneng iku nganggo prajangjian yèn anggoné jumeneng mung nggadhuh, malah tanah Lampung banjur dadi darbeking VOC.

Prakara iku isih ndadèkaké kraman manèh: Ki Tapa  lan sagolongané wong Banten, kang ora gelem rujuk lan wong Walanda, ora tarima.

Pangéran Bagus Buang diangkat jumeneng ratu, merangi Arya Adi Santika, Pangéran Gusti lan VOC., nanging suwé suwé Ki Tapa kalah.

Ing tahun 1753 ing Banten wis tentrem. Pangéran Arya Adi Santika sèlèh keprabon marang Pangéran
Gusti kang banjur ajejuluk Abu’n Natsar Mohamad Arif Zeinul Acekin.

Ratu anyar iku nalika jumenengé iya nganggo nganyaraké prajanji kaya déné prajanjine Sultan Adi
Santika lan VOC.

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi-part2.html
Dalemé Gouverneur Generaal ing Betawi
http://www.zonawin.com
Taruhan Bola




Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 12
Kaanané VOC. Ngarepaké Ambruké
(tahun 1757 – 1800)


Ing sasirepe kraman Mataram lan Banten, ing Tanah Jawa banjur daditentrem, kang durung mung ing
Blambangan, amarga saka panggawéné wong ing Bali lan turuné Untung Surapati.

Sarèhné ing wektu iku wus ana wong Inggris kang dedagangan ing kono, VOC. sumelang yèn tanah
Bang Wétan bakal dirukun, mulané banjur nglurugaké bala mrono. Wiwit ing tahun 1772 Blambangan iya sirep.

Dadi saTanah Jawa ing jaman iku wis wiwit raharja lan kelakon kawengku ing Compagnie kabèh.
VOC. wis prasasat maharaja, sakèhing mungsuhe padha dipunthes, kira kira wis ora bakal mbebayani, ora abot sanggané.
Nanging mungguh sranané kang kanggo munthes iku ing jaman wekas wekasan wis dudu kasentosaning wadya bala thok, nanging uga nganggo akal kajuligan, mratandhani yèn VOC. entek kekuwatané, kaya kang dicritakaké ing ngisor iki.

Sabakdané jaman peperangan ing Tanah Jawa, saya suwé saya katon yèn Compagnie bakal ambruk.

GG. Mossel 9tahun 1750 – 1761) lan Van der Parra (tahun 1761 – 1775), apadéné para GG. kang padha gumanti yaiku Van Riemsdijk (tahun 1775 – 1777), De  Klerk (tahun 1777 – 1780) oadha mbudi daya ngentekaké akal, murih tulusé VOC., nanging ngrekasané tanpa pituwas, Compagnie wis ora kena digéendholi.

Nalika semana ing Tanah Jawa malah wiwit raharja, awit wis ora ana peperangan, sarta Compagnie tansah njaga murih bisané tansah memitran karo Kangjeng Sunan ing Kejawan. Sanadyan tindaké para ratu Jawa kerep ndadèkaké kapitunané wong cilik, nanging Compagnie trima meneng, awit pancèn ora ngrembug marang begja cilakané wong bumi.
Yèn kadhang kala Surakarta lan Ngayogyakarta padha gèsrèk prakara watesing nagara, VOC. iya ora gelem mèlu mèlu.

Jajahan ing sajabané Tanah Jawa ing wektu iku VOC. iya ora pati bisa ngrembug, wasana suda kuwasané.

Ana ing Indhu Ngarep kuwasané wong Inggris saya gedhé. Malah ana ing Benggala kuwasané ngungkuli VOC.

Kerep baé wong Walanda lan wong Inggris ana ing kono padha grejegan, malah terkadhang nganti dadi perang.
Sarèhné VOC. kalah kuwasa, wasana kantor kantore ing Benggala kudu nganggo diawat awati ing wong Inggris.
Ana ing Ceylon VOC. kerep sulaya karo raja ing Kandhi prakara padagangan manis jangan lan pandumaning bebathen, nanging rahayu isih bisa terus panguwasané.
Ana ing Persi VOC. ora bisa terus dedagangan.
Padagangan ing Sumatra pasisir kulon lan wétan ora bisa ngolehaké kauntungan kang mèmper marang VOC., samono uga padagangan ing Bornéo.
Ana ing kapulowan MOLOKO VOC. iya isih lestari oleh dagangan craken, nanging saya katon yèn suda suda.

Sarèhné Compagnie kaya mangkono kaanané, ora lawas mesthi bakal ambruk.

Kebarengan tanah Walanda banjur perang lan Inggris, iku kang nyengkakaké ambruké VOC., awit VOC, wis ora bisa ngukuhi jajahan ing Asia, marga saka kuranging prajurit, mangka ora bisa oleh bantu saka nagara Walanda.

Kantor kantor ing Indhu Ngarep tiba ing tangané wong Inggris.

Jajahan ing Sumatra pasisir wétan kulon kena direbut ora nganggo bisa lawan.

Kaanané VOC. ing nagara Walanda luwih rekasa lan ing tanah Indhiya.
Prau prau kang saka Indhiya akèh kang padha dirampas déning wong Inggris. Saking kekesing ati nganti ora ana prau dagang kang wani mingsed saka pelabuhan. Dadi laku dagang mandeg babar pisan.
ing Betawi ora ana prau teka anggawa prajurit, gegaman utawa dhuwit, utawa njupuk dagangan, nganti sakèhing gudang gudang padha ambruk, mulané yèn ana prau saka negara liya kang
gelem kulak dagangan murah murahan baé. Paréntah ing Betawi wis rumangsa bungah.

Nganti telung tahun lawasé tanah Indhiya enggoné karibedan mangkono iku, wasana ing tahun 1784 perangé Walanda lèrèn.

Miturut prajangjiané bedhami: Compagnie ora kena mbanjuraké bedhami monopolie ing tanah Indhu, wong Inggris ora kena dilarangi enggoné dagang layar ana ing kono.

Ing sabakdané perang VOV. saya katon ngrekasané, ing tahun 1791 kecupetan 96 yuta, mangka arep golèk utangan wis ora ana kang ngendel.

Mangkono iku kaanané VOC. nalika nagara Walanda lagi jaman dahuru, wiwit tahun 1795 nagara Walanda banjur kecekel ing para kraman ing Frankrijk, mangka nagara Frankrijk mungsuhan karo Inggris.

Awit saka iku tanah Walanda iya mèlu mungsuhan karo negara Inggris.

Kacarita Willem V, Stadhouder ing tanah Walanda ing sajroning jaman dahuru mau sumingkir menyang tanah Inggris.

Déné VOC. saka panémuné Willem V luwih becik dititipna dhisik menyang wong Inggris supaya aja kecekel ing para kraman Walanda, awit yèn wis kecekel ing para kraman bisa uga direbut ing krajan Inggris (Layang saka Kew.), nanging panimbang iku ora digugu, mulané VOC. sida diperangi karajan Inggris.

Wiwit tahun 1796 jajahané VOC. meh kabèh, kejaba Tanah Jawa lan Ternate, klakon direbut Inggris. Wasana ing tahun 1799 VOC. ambruk, dibubaraké, barang darbeke diliyer ing Paréntah Walanda kang lagi tetep anyar.

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi-part2.html
Bètèng Walanda
http://www.zonawin.com
Taruhan Bola

No comments:

Post a Comment