Saturday 15 August 2015

Babat Tanah Jawi | Part 1

Pérangan Kang Kapisan
Bab 1
Karajan Indhu ing Tanah Jawa Kulon
(wiwit abad 2 utawa 3)


Kang wus kasumurupan, karajané bangsa Indhu ana ing Tanah Jawa, kang dhisik dhéwé, diarani karajan ”Tarumanagara” (Tarum = tom. kaliné jeneng Citarum).

Karajan iku mau dhèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, déné titi mangsaning adegé ora kawruhan.

Ratu ratuné darah Purnawarman. Mirit saka gambar gambar kembang tunjung kang ana ing watu watu patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu.

Ing tahun 414 ana Cina aran Fa Hien, mulih saka enggoné sujarah menyang patilasané Resi Budha, ing tanah Indhu Ngarep mampir ing Tanah Jawa nganti 5 sasi.

Ing Cathetané ana kang nerangaké mangkéné :
1. Ing kono akèh wong ora duwè agama (wong Sundha), sarta ora ana kang tunggal agama karo dhèwèkné: Budha.
2. Bangsa Cina ora ana, awit ora kasebut ing cathetané.
3. Barengané nunggang prahu saka Indhu wong 200, ana sing dedagangan, ana kang mung lelungan, karepe arep padha menyang Canton.

Yèn mangkono dadi dalané dedagangan saka tanah Indhu Ngarep menyang tanah Cina pancèn ngliwati Tanah Jawa.

Ing Tahun 435 malah wis ana utusané Ratu Jawa Kulon menyang tanah Cina, ngaturaké pisungsung menyang Maharaja ing tanah Cina, minangka tandhaning tetepungan sarta murih gampang lakuning dedagangan.

Karajan Tarumanagara mau ora kasumurupan pirang tahun suwéné lan kepriyé rusaké. Wong Indhu ana ing kono ora ngowahaké adat lan panguripané wong bumi, awit pancèn ora gelem

mulangi apa apa, lan wong bumi uga durung duwè akal niru kapinterané wong Indhu. Ewa déné meksa ana kaundhakaning kawruhé, yaiku mbatik lan nyoga jarit.

http://www.zonawin.com
Taruhan Bola



Pérangan Kang Kapisan
Bab 2
Karajan Indhu ing Jawa Tengah
(abad kaping 6)


Mirit saka:
1. Cathetané bangsa Cina
2. Unining tulisan tulisan kang ana ing watu watu lan candhi
3. Cathetané sawijining wong Arab, wis bisa kasumurupan sathithik sathithik mungguh kaananing wong Indhu ana ing Tanah Jawa Tengah dhèk jaman samono.

Nalika wiwitané abad kang kanem ana wong Indhu anyar teka ing Tanah Jawa Kulon.

Ana ing kono padha kena ing lelara, mulané banjur padha nglèrèg mangétan, menyang Tanah Jawa Tengah.

Wong Jawa wektu samono, isih kari banget kapinterané, yèn ditandhing karo wong Indhu kang lagi nenéka mau; mulané banjur dadi sor-sorané.

Wong Indhu banjur ngadegaké karajan ing Jepara. Omah omah padunungané wong Jawa, ya wis mèmper karo omah omahè wong jaman saiki, apayon atep utawa eduk lan wis nganggo képang.

Enggoné dedagangan lelawanan karo wong Cina; barang dedagangané kayata: emas, salaka, gading lan liya liyané.

Cina cina ngarani nagara iku Kalinga, besuké, ya diarani: Jawa.

Karajan mau saya suwé saya gedhé, malah nganti mbawahaké karajan cilik cilik 28 (wolu likur).

Wong Cina uga nyebutaké asmané sawijining ratu putri: Sima; dikandakaké becik banget enggoné nyekel pangrèhing praja (tahun 674).

Tulisaning watu kang ana ciriné tahun 732, dadi kang tuwa dhéwé, katemu ana sacedhaké Magelang, nyebutaké, manawa ana ratu kang jumeneng, jejuluk Prabu Sannaha, karajané gedhé, kang klebu jajahané yaiku tanah tanah Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta lan bokmenawa Tanah Jawa Wétan uga klebu dadi wewengkoné karajan iku.

Mirit caritané, karajan kang kasebut iku tata tentrem banget kaya kang kasebut ing tulisan kang katemu ana ing patilasan: Nadyan wong wong padha turu ana ing dalan dalan, ora sumelang, yèn ana begal utawa bebaya liyané.

Mirit kandhané sawijining wong Arab, dhèk tengah tengahané abad kang kaping sanga, ratu ing Tanah Jawa wis mbawahaké tanh Kedah ing Malaka (pamelikan timah).

Karajan ing dhuwur iki sakawit ora kawruhan jenengé, nanging banjur ana karangan kang katulis ing watu kang titi mangsané tahun 919, nyebutaké karajan Jawa ing Mataram. Jembar jajahané, mungguha saiki tekan Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta; mangloré tekan sagara; mangétané tekan tanah tanah ing Tanah Jawa Wétan sawatara.

Kuthané karan : Mendhangkamulan.

Wong Arab ngandhakaké, ana ratu Jawa mbedhah karajan Khamer (Indhu Buri).

Sing kasebut iki ayaké iya karajan Mataram mau. Kajaba Khamer, karajan Jawa iya wis mbawahaké pulo pulo akèh. Pulo pulo iku mawa gunung geni.

Karajan Jawa mau sugih emas lan bumbu crakèn. Wong Arab iya akèh kang lelawanan dedagangan.

Sabakdané tahun 928 ora ana katrangan apa apa ing bab kaanané karajan Mataram.

Kang kacarita banjur ing Tanah Jawa Wétan. Ayaké baé karajan Mataram mau rusak déning panjebluge gunung Merapi (Merbabu), déné wongé kang akèh padha ngungsi mangétan.

Ing abad 17 karajan Mataram banjur madeg manèh, gedhé lan panguwasané irib iriban karo karajan Mataram kuna.

Agamané wong Indhu sing padha ngejawa rupa rupa. Ana ing tanah wutah getihe dhéwé ing kunané wong Indhu ngèdhep marang Brahma, Wisnu lan Syiwah, iya iku kang kaaranan Trimurti.

Kejaba saka iku uga nembah marang dewa akèh liya liyané, kayata: Ganésya, putrané Bethari Durga.

Manut piwulangé agama Indhu pamérangé manungsa dadi patang golongan, yaiku:

- para Brahmana (bangsa pandhita)
- para Satriya (bangsa luhur)
- para Wesya (bangsa kriya)
- para Syudra (bangsa wong cilik)

Piwulangé agama lan padatané wong Indhu kaemot ing layang kang misuwur, jenengé Wedha.

Kira kira 500 tahun sadurungé wiwitané tahun Kristen, ing tanah Indhu ana sawijining darah luhur peparab Syakya Muni, Gautama utawa Budha.

Mungguh piwulangé gèsèh banget karo agamané wong Indhu mau.

Resi Budha ninggal marang kadonyan, asesirik lan mulang muruk marang wong.

Kajaba ora nembah dewa dewa, piwulangé: sarèhné wong iku mungguhing kamanungsané padha baé, dadiné ora kena dipérang patang golongan.

Para Brahmana Indhu mesthi baé ora seneng pikire, mulané kerep ana pasulayan gedhé.

Ana ing tanah Indhu wong Budha mau banjur peperangan karo wong agama Indhu.

Wusana bangsa Budha kalah lan banjur ngili menyang Ceylon sisih kidul, Indu Buri, Thibet, Cina, Jepang.

Mungguh wong agam Indhu iku pangèdêpé ora padha. Ana sing banget olehe memundhi marang Syiwah yaiku para Syiwaiet (ing Tanah Jawa Tengah); ana sing banget pangèdêpé marang Wisynu, yaiku para Wisynuiet (ing Tanah Jawa Kulon).

Kajaba saka iku uga akèh wong agama Budha, nanging ana ing Tanah Jawa agama agama iku bisa rukun, malah sok dicampur baé.

Petilasané agama Indhu mau saikiné akèh banget, kayata:

- Candhi candhi ing plato Dieng (Syiwah), iku bokmenawa yasané ratu darah Sanjaya.
- Candhi ing Kalasan ana titi mangsané tahun 778, ayaké iki candhi tuwa dhéwé (Budha), yasané ratu darah Syailendra.
- Candhi Budha kang misuwur dhéwé, yaiku Barabudhur lan Mendut.
- Candhi Prambanan (Syiwah). Ing sacedhaké Prambanan ana candhi campuran Budha lan Syiwah.

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi.html
Relief Candi Borobudur

http://www.zonawin.com
Taruhan Bola





Pérangan Kang Kapisan
Bab 3
Karajan Ing Tanah Jawa Wétan
(wiwitané abad 10 – tahun 1220)


Ing dhuwur wus kasebutaké yèn Tanah Jawa Wétan, kabawah karajan Indhu ing Mataram; nanging wong Indhu kang manggon ana ing Tanah Jawa Wétan ora pati akèh, yèn katimbang karo kang manggon ing Tanah Jawa Tengah (Kedhu).

Marga saka iku wong Indhu kudu kumpul karo wong bumi, prasasat tunggal dadi sabangsa.

Ing wiwitané abad 10 ana pepatihing karajan Tanah Jawa Tengah aran Empu Sindhok lolos mangétan. Let sawatara tahun empu Sindhok mau jumeneng ratu ing Tanah Jawa Wétan, karajané ing Kauripan (Paresidhènan Surabaya sisih kidul).

Ambawahaké: Surabaya, Pasuruwan, Kedhiri, Bali bok manawa iya kabawah.

Enggoné jumeneng ratu tekan tahun 944 lan iya jejuluk Nata ing Mataram.

Nata ing Mataram mau banget pangèdêpé marang agama Budha.

Empu Sindhok misuwur wasis enggoné ngerèh praja. Ana cathetan kang muni mangkéné: ”Awit saka suwéning enggoné jumeneng ratu, marcapada katon tentrem; wulu wetuning bumi nganti turah turah ora karuhan kèhé.”

Ing tahun 1010 Erlangga tetep jumeneng ratu, banjur nerusaké enggoné mangun paprangan lan ngelar jajahan.

Ing tahun 1037 enggoné paprangan wis rampung, negara reja, para kawula padha tentrem. Déné karatoné iya ana ing Kauripan.

Sang Prabu Erlangga ora kesupèn marang kabecikaning para pandhita lan para tapa, kang gedhé pitulungané nalika panjenengané lagi kasrakat.

Minangka pamalesing kabecikané para pandhita, Sang Nata yasa pasraman apik banget, dumunung ing sikile gunung Penanggungan.

Pasraman mau kinubeng ing patamanan kang luwih déning asri, lan rerenggané sarwa peni sarta endah. Saka ediné, nganti misuwur ing manca praja, saben dina aselur wong kang padha sujarah mrono.

Pangadilané Sang Nata jejeg. Wong désa kang nrajang angger angger nagara padha kapatrapan paukuman utawa didhendha.

Kècu, maling, sapanunggalané kapatrapan ukum pati.

Sang Prabu enggoné nindakaké paprentahan dibantu ing priyagung 4, padha oleh asil saka pametuning lemah lenggahè.

Saka enggoné manggalih marang tetanén yaiku pagawéyaning kawula kang akèh, Sang Nata yasa bendungan gedhé ana ing kali Brantas.

Sang Nata uga menggalih banget marang panggaotan lan dedagangan.

Kutha Tuban nalika samono panggonan sudagar, oleh biyantu akèh banget saka Sang Prabu murih majuning dedagangan lan lelayaran.

Sang Nata yèn sinéwaka lenggah dhampar (palenggahan cendhèk pesagi), ngagem agem ageman sarwa sutra, remané diukel lan ngagem cênéla.

Yèn miyos nitih dwipangga utawa rata, diarak prajurit 700.

Punggawa lan kawula kang kapethuk tindaké Sang Nata banjur padha sumungkem ing lemah (ndhodhok ngapurancang?).

Para kawula padha ngoré rambut, enggoné bebedan tekan ing wates dhadha.

Omahè kalebu asri, nganggo payon gendhèng kuning utawa abang.

Wong lara padha ora tetamba mung nyuwun pitulunganing para dewa baé, utawa marang Budha.

Wong wong padha seneng praon lan lelungan turut gunung, akèh kang nunggang tandhu utawa joli.

Dhek samono wong wong iya wis padha bisa njoget, gamelané suling, kendhang lan gambang.

Karasané Sang Prabu besuk ing sapengkeré kang gumanti jumeneng Nata putrané loro pisan, mulané kratoné banjur diparo: Jenggala (sabageyaning: Surabaya sarta Pasuruwan) lan Kedhiri.

Déné kang minangka watese: pager témbok kang sinebut ”Pinggir Raksa”, wiwit saka puncaking Gunung Kawi, mangisor, nurut kali Leksa banjur urut ing brangloré kali Brantas saka wétan mangulon tekan ing désa kang saiki aran ”Juga”, nuli munggah mangidul, terusé kira kira nganti tumeka ing pasisir.

Gugur gugurané tembok iku saiki isih ana tilasé, kayata ing sacedhaking kali Leksa, sakulon lan sakiduling kali Brantas, ing watesing afd. Malang lan Blitar.

Mungguhing babad Jawa jumenengé Parbu Erlangga kaanggep minangka pepadhang sadjroning pepeteng, awit rada akèh caritané kang kasumurupan.

Kawruh kasusastran wis dhuwur. Layang layangé ing jaman iku tekané ing jaman saiki isih misuwur becik lan dadi teturutaning crita crita wayang.

Layang layang mau basané diarani: Jawa Kuna, kayata:
1. Layang Mahabarata
2. Layang Ramayana lan Arjuna Wiwaha.

Karajan Jenggala ora lestari gedhé, awit pecah pecah dadi karajan cilik cilik, marga saka diwaris marang putraning Nata; yaiku parja Jenggala (Jenggala anyar); Tumapel utawa Singasari lan Urawan.

Karajan cilik cilik kang cedhak wates Kedhiri or suwé banjur ngumpul mèlu Kedhiri, liyané isih terus madeg dhéwé ngan tekan abad 13.

Kerajan Kedhiri (Daha, Panjalu) mungguha saiki mbawahaké paresidhènan Kedhiri, saperangané Pasuruwan lan Madiyun.

Kuthané ana ing kutha Kedhiri saiki. Karajan mau bisa dadi kuncara.

Ing wektu iku kasusastran Jawa dhuwur banget, nalika jamané Jayabaya (abad 12) ngluwihi kang uwis uwis lan tumekané jaman saiki isih sinebut luhur, durung ana kang madhani.

Ing tahun 1104 ing kedhaton ana pujangga jenengé: Triguna utawa Managocna.

Pujangga iku sing nganggit layang Sumanasantaka lan Kresnayana.

Radèn putra utawa Panji kang kacarita ing dongèng kae, bokmenawa iya ratu ing Daha, kang jejuluk Prabu Kamesywara I. Jumeneng ana wiwitané abad kang kaping 12. Garwané kekasih ratu Kirana (Candra Kirana) putrané ratu Jenggala.

Ing mangsa iki ana pujangga jenengé Empu Dharmaja nganggit layang Smaradhana. Radèn Panji nganti saiki tansah kacarita ana lakoné wayang gedhog lan wayang topeng.

Pujanggané Jayabaya aran Empu Sedah lan Empu Panuluh.

Empu Sedah ing tahun Saka 1079 (= 1157) methik sapéranganing layang Mahabarata, dianggit lan didhapur cara Jawa, dijenengaké layang Bharata Yudha.

Wong Jawa ing wektu iku wis pinter, wong Indhu kesilep, karajan Indhu wis dadi karajan Jawa.




Pérangan Kang Kapisan
Bab 4
Ken Angrok Nelukaké Karajan Karajan Cilik
(1220 – 1247)


Ing tahun 1222 ana ratu ing Tumapel utawa Singasari, jenengé Ken Angrok.

Critané Ken Angrok iki saka layang Pararaton. Ketemuné layang iki ana ing Bali dhèk tahun 1891.

Ken Angrok lair ana ing sacedhaké Tumapel (Singasari), asal wong tani lumrah baé.

Ken Angrok kacarita bagus rupané lan bisa nenarik katresnaning wong, nanging banget kareme marang pangaji aji lan wani marang penggawé luput.

Ing sawijining dina ana Brahmana ketemu karo dhéwékné, kandha yèn dhéwékné titising Wisnu.

Anggoné kandha mangkono iku, awit Brahmana mau ngerti yèn Ken Angrok iku wong kang gedhé karepe lan kenceng budiné.

Brahmana banjur golèk dalan bisané Ken Angrok kacedhak karo adipati ing kono, Sang Tunggul Ametung.

Ora antara suwé kelakon Ken Angrok kaabdekaké. Bareng wis mangkono, Ken Angrok banjur tansah golèk dalan kapriye enggoné bisa ngendhih Sang Adipati, nggentèni jumeneng.

Ketemuning nalar Ken Angrok banjur ndandakaké keris becik marang Empu Gandring.

Sawisé keris dadi, katon becik temenan, nganti mitrané Ken Angrok aran Keboijo kepencut kepingin nganggo, banjur nembung nyilih: oleh.

Saka senengé, keris mau saben dina dianggo sarta dipamer pameraké, dikandhakaké duwèké dhéwé.

Bareng wis sawatara dina Ken Angrok banjur nyolong kerisé dhéwé kang lagi disilih ing mitrané mau dianggo nyidra Sang Adipati.

Kelakon séda, keris ditinggal ing sandhingé layon. Urusaning prakara: mitrané Ken Angrok sing kena ing dakwa, diputus ukum pati.

Ken Angrok banjur bisa oleh Sang putri randaning Tunggul Ametung lan gumanti madeg adipati: Sang Putri asmané Ken Dhedhes.

Sasuwéné dicekel Ken Angrok negarané tata, reja, wong cilik banget sungkeme.

Sawisé mbedhah karajan cilik cilik ing Jenggala, Ken Angrok banjur emoh kebawah Kedhiri, malah ing tahun 1222 mbedhah praja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratu ing Kedhiri Prabu Kertajaya séda nggantung sabalané kang padha tuhu.

Kedhiri banjur ditanduri adipati kabawah Singasari.

Bareng para ratu darah Empu Sindhok wis kalah kabèh karo Ken Angrok, Ken Angrok banjur jumeneng Ratu gedhé, jejuluk Prabu Rejasa, uaiku kang nurunaké para ratu ing Majapait.

Kacarita Sang Retna Dhedhes nalika sédané adipati Tunggul Ametung wis ambobot. Bareng wis tekan mangsané, Sang Retna mbabar putra kakung, diparingi peparab Radèn Anuspati.

Wiwit timur nganti diwasa Sang Pangéran ora ngerti yèn satemené dudu putrané Prabu Rejasa, nanging rumangsa yèn ora ditresnani ing Sang Prabu, beda banget karo rayi rayiné.

Ing sawijining dina Anusapati kelair marang ibuné mangkéné: ”Ibu, punapa, déné Kangjeng rama punika teka boten remen dhateng kula?”

Sang Retna banget trenyuhing galih mireng atur sasambaté kang putra, wasana banjur keprojol pangandikané; kang putra dicritani lelakoné wiwitan tekan wekasan.

Anusapati banget ing pangunguné, sanalika banjur duwè sedya males ukum, nanging isih sinamun ing semu.

Keris yasané Empu Gandring disuwun, pawatané mung kepingin banget anganggo.

Kang ibu lamba ing galih, keris diparingaké.

Anusapati banjur nimbali abdiné kekasih, diparingi keris mau lan diweruhaké ing wewadiné. Benginé Sang Prabu séda kaprajaya ing duratmaka.

Layoné Sang Prabu dicandhi ana ing Kagenengan (cedhak Malang).

Anusapati nggentèni jumeneng Nata.

Anusapati jumeneng ora suwé, awit Radèn Tohjaya ngerti yèn Anusapati kang nyedani ramané, mulané sumedya males ukum lan iya kelakon.

Tohjaya jumeneng Nata, nanging iya ora suwé. Tohjaya utusan mantriné aran Lembu Ampal, didhawuhi nyirnakaké kalilipe loro, yaiku: Ranggawuni, putrané Anusapati, lan nakdulure kang aran Narasingamurti; yèn ora bisa kelakon, Lembu Ampal dhéwé bakal kena ukum pati.

Dumadakan ana sawijining Brahmana kang welas marang raden loro, banjur wewarah saperluné.

Satriya loro banjur ndhelik ana ing panggonané Panji Patipati.

Lembu Ampal nggolèki raden loro ora ketemu, banjur ora wani mulih, ngungsi marang Panji Patipati.

Bareng ana ing kono mbalik ngiloni raden loro, malah ngrembugi para punggawa kang ora cocog karo Tohjaya diajak ngraman, wasana kelakon, Sang Prabu nganti nemahi séda.

Ranggawuni jumeneng Nata ajejuluk Syri Wisynuwardhana nganti nakdhereke Narasinga.

Nganti tekan ing séda priyagung loro mau rukun banget, nganti dibasakaké: ”Kaya Wisynu lan kang raka Bathara Endra”.

Karatoné mundhak gedhé pulih kaya dhèk jamané Prabu Erlangga, malah jajahané wuwuh Madura.

Sang Nata séda ing tahun 1268, layoné diobong kaya adat, awuné sing separo dicandhi ana ing Welèri, ditumpango reca Syiwah, sing separo dipethak ana candhi Jago (Tumpang) nganggo reca Budha.

Dadi tetéla ing wektu iku agama Syiwah karo Budha campur.

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi.html
Recané Sang Prabu Erlangga ana ing Belahan





Pérangan Kang Kapisan
Bab 5
Jumenengé Kartanagara ing Tumapel
(1268 – 1292)


Ratu Singasari kang Kaping V, jumeneng mekasi. Sasédané Syri Wisynuwardhana pangéran pati jumeneng Nata, ajejuluk Prabu Kartanagara.

Sang Prabu manggalih marang kawruh kagunan, lan kasusastran, lan iya manggalih marang undhaking jajahan, nanging kurang ngatos atos, lan kersa ngunjuk nganti dadi wuru.

Ana nayakaning praja aran Banyak Widhe utama Arya Wiraraja, tepung becik lan Jayakatwang, adipati ing Daha.

Satriya iku ora sungkem marang ratuné, malah wis sekuthon karo Jayakatwang, arep mbalela.

Dumadakan ana punggawa kang matur prakara iku, nanging Sang Prabu ora menggalih, Wiraraja malah diangkat dadi adipati ana ing Madura.

Pepatihe Sang Nata aran Raganatha rumeksa banget marang ratuné, nganti sok wani ngaturi pènget marang Sang Prabu ing bab kang ora bener, nanging Sang Prabu ora rena ing galih, ora nimbangi rumeksaning patih setya iku, malah banjur milih patih liya kang bisa ngladèni karsané.

Patih wredha diundur, winisuda dadi: nayaka pradata, dadi wis ora campur karo prakara pangreh praja.

Patih anyar senengé mung ngalem marang ratuné lan ngladosi unjuk unjukan.

Ana utusan saka ratu agung ing nagara Cina (Chubilai) dhawuh supaya Prabu Kartanagara nyalirani dhéwé utawa wakilsuwana marang nagara Cina perlu saos bekti (tahun 1289).

Sang Prabu duka banget. Bathuking Cina utusan digambari pasemon kang ora apik, nelakaké dukané Sang Prabu.

Bareng tekan ing nagara Cina patrape ratu Jawa kang mangkono iku mau njalari dukané ratu binathara ing Cina,

Ing tahun1292 ana prajurit gedhé saka ing Cina arep ngukum ing kuwanéné wong Jawa.

Wiraraja sasuwéné ana ing Madura isih ngrungok ngrungokaké apa kang kalakon ana ing Singasari, lan iya weruh uga yèn ing wektu iku prajurit Singasari dilurugaké menyang Sumatra.

Wiraraja ngajani Jayakatwang akon nangguh mbedhah Singasari, mumpung nagara lagi kesisan bala.

Jayakatwang ngleksanani, lan Singasari kelakon bedhah. Ratu lan patihe katungkep ing mungsuh isih terus unjuk unjukan baé (wuru), mulané ora rekasa pinurih sédané.

Radèn Wijaya, wayahè Narasinga, nuli umangsah ngetog kaprawiran mbelani nagara lan ratuné, nanging wis kaslepek karoban wong Daha, mulané banjur kepeksa ngoncati, mung kari nggawa bala 12, genti genti nggendhong Sang Putri garwané Radèn Wijaya, putrané Prabu Kartanagara.

Lampahè Radèn Wijaya sasentanané nusup angayam alas.

Kalebu wilangan 12 iku ana satriyané loro, putrané Wiraraja, duwè atur marang Gustiné supaya ngungsi menyang Madura.

Sang Pangéran mauné ora karsa, nanging suwé suwé nuruti. Ana ing madura ditampani kalawan becik.

Rembuge Wiraraja, Radèn Wijaya diaturi suwita menyang Daha. Wiraraja sing arep nglantaraké.

Yèn wis kelakon suwita Radèn Wijaya diaturi nyetitèkaké para punggawa ing Daha, sapa sing kendel utawa jirih, tuhu utawa lamis.

Yèn wis antara suwé diaturi nyuwun tanah tanah Trik, dibabada banjur dienggonana.

Radèn Wijaya nurut ing pitudhuh, lan iya kelakon suwita ing Daha.

Kacarita pasuwitané kanggep banget, amarga saka pintere nuju karsa, lan saka pintere olah gegaman; wong sa Daha ora ana sing bisa ngalahaké.

Kabeh piwulangé Wiraraja ditindakaké, dilalah Sang Prabu teka dhangan baé, malah bareng tanah Trik wis dibabad, Radèn Wijaya nyuwun manggon ing kono iya dililani.

Kacarita nalika babade tanah Trik mau, ana wong kang methik woh maja dipangan, nanging rasané pait. Awit saka iku désa ingkono mau banjur dijenengaké Majapait.

bareng Radèn Wijaya wis manggon ing Majapait, rumangsa wis wayahè tata tata males ukum, ngrusak kraton Daha, ananging Wiraraja akon sabar dhisik, awit isih ngenteni prajurit saka nagara Cina kang arep ngukum wong Singasari.

Karepe Wiraraja arep ngréwangi Cina baé dhisik, besuké arep mbalik mungsuh Cina. Wiraraja banjur boyong sakulawargané lan saprajurite menyang Majapait ngumpul dadi siji karo Radèn Wijaya.

http://www.zonawin.com
Taruhan Bola




Pérangan Kang Kapisan
Bab 6
Karajan Melayu


Ing Bab 5 ana critané Prabu Kartanagara enggoné anjangka undhaking jajahané.

Ana ing tanah Sumatra kelakon bisa oleh jajahan.

Ing ngisor iki iki crita sathithik tumraping karajan karajan ing tanah Melayu.

Kacarita ratu ing Funan, kira kira ing sajroning abad 3 ngelar jajahan, ngelun tanah Sumatra, Jawa lan liya liyané, ayaké ratu iku kang yasa reca reca ing tanah Pasémah.

Ing abad kapitu ana golonganing para pangéran saka ing Indhu Buri, pada manggon ing sakiwa tengening Palembang, banjur ngedegaké nagara gedhé, jenengé karajan çrivijaya (= Syriwijaya, sinebut ing bangsa Cina nagara: Sambotsai).

Ratu ratuné padha darah Warman, isih dumunung sanak karo darah Purnawarman ing Tanah Jawa dhèk abad 4 – 5, apadéné darah Mulawarman ing Kutai lan Bornéo dhèk watara tahun 400.

Nagara çrivijaya jajahané kira kira Sumatra sisih kidul ln tengah, Malaka, Kamboja lan malah tekan Tanah Jawa.

Ing tahun 686 ratu agung ing negara çrivijaya nglurugi Tanah Jawa, awit Tanah Jawa ora tuhu pangèdhêpé marang çrivijaya.

Sajroning abad 10 prajurit Jawa genti nglurugi çrivijaya, menang, nanging ora suwé çrivijaya bisa kombul manèh.

Praja iku ajeg enggoné nglakokaké utusan marang Narendra ing Cina.
Ing sajroning abad 12 lan 13 nagara gedhé çrivijaya pecah dadi karajan cilik cilik.

Darah Warman jumeneng ana ing tanah kang sinebut tanah: ”Melayu” yaiku saikiné Jambi.

Rehning pasisiré tanah Melayu kono akèh rerusuh, wongé akèh kang padha ngungsi marang tanah pagunungan kang loh, ana ing kono padha dedhukuh.

Bareng Tanah Jawa gedhé pangwasané, Prabu Kartanagara (1268 – 1292) kalakon bisa ngrusak kutha Paséi, lan ngejegi Jambi, Palembang, Riouw sarta kutha kutha akèh ing Bornéo apadéné pulo pulo ing Moloko.

Ing saantaraning tahun 1275 lan 1293 wong Jawa nglurugi tanah pagunungan Jambi mau yaiku tanah kang besuké aran Menangkabau. Lurugan iku diarani: Pamalayu.

Ing tahun 1268 Prabu Kartanagara angganjar reca marang ratu ing Dharmmaçraya (Darmasraya) uga dumunung ing tanah Jambi, ing saikiné ora adoh karo Sungai Lansat.

karajan iku ing besuké kalebu jajahan Majapait, rajané darah Warman jejuluk Tribuwana (Mauliwarman) kagungan garwa bangsa Melayu, kang putriné (putrané putri) ayaké dai garwané Radèn Wijaya biyèn.

Sang Raja Tribhuwana milu karo bangsa Jawa nglurugi tanah Padhang Hulu.

Miturut carita Melayu, lurugan mau ora oleh gawé, mung marga saka klebu ing gelar, kalah enggoné adu kebo, mulané kuthané banjur jeneng Menangkabau iku.

Ana raja wewengkoné karajan Dharmmaçraya jejuluk Adityawarman nagarané ing Malayupura, kang ing tahun 1347 wus merdika, ambawa pribadhi, iku nglurugi Menangkabau, nanging ora nganti dadi perang, malah banjur diangkat dadi raja ing kono, awit pancèn dianggep bangsa Melayu.

Jumenengé ana ing Menangkabau wiwit tahun 1347 tekan 1375, kecrita ing kawicaksanané lan pintere nyekel praja.

Tumeka saprené Sang Adityawarman sarta nayakané loro kang aran Papatih Sabatang lan Kyai Katumanggungan isih dipundhi pundhi marang bangsa Menangkabau.

Sapungkure Sang Aditya wis ora ana raja ing Menangkabau kang kecrita.

Negarané pecah pecah, ing saiki isih akèh titike, mungguh ing kaluhuraning para raja Jawa asal Indhu, ana ing tanah Menangkabau kono, luwih luwih tumraping basa lan sastrané.

Darah raja raja kuna ing Menangkabau mau enteke durung lawas, kang pungkas pungkasan putri, sédané lagi saiki baé.

Ing tahun 1377 kutha Sanbotsai ing tanah Palembang rinusak ing balané Prabu Ayamwuruk.

kang kuwasa ing tanah Palembang kasebut jeneng Arya Damar nurunaké Radèn Patah (+/- tahun 1500).

Awit saka ambruking karaton Majapait, Palembang iya katut apes, besuké kalah karo Banten.

Kaluhuraning Tanah Jawa ana ing Sumatra sisih kidul kono tumekané dina iki uga iya isih akèh tilas tilasé.

Régol patilasan bètèng Majapait, jenengé Bajang Ratu.

http://www.zonawin.com
Taruhan Bola





Pérangan Kang Kapisan
Bab 7
Perang Cina lan Adegé Karajan Majapait
(1292)


Ing tengah tengahané tahun 1292 Maharaja Choebilai sida ngangkataké wadya bala menyang ing Tanah Jawa perlu arep ngukum Prabu Kartanagara.

Ana ing pacekan (Surabaya) prau Jawa kalah, nuli bala Cina arep nglurugi9 Daha, kang dikira panggonané Kartanagara (kang nalika iku wis séda).

Kacarita Radèn Wijaya dhèk jaman samono wus wiwit mbalela marang Jayakatwang ratu ing Daha.

Sarèhné duwè pangarep arep bisaa ditulungi ing Cina numpes ratu ing Daha, mulané Radèn Wijaya banjur gawé gelar ethok ethok arep teluk marang sénapati Cina.

Kabeneran ora let suwé Majapait, panggonané Radèn Widjaya ditempuh ing wong Daha, Radèn Wijaya entuk pitulungané wong Cina bisa menang.

Wasana ing tahun 1293 kutha Daha dikepung ing balané Shih Pih lan Radèn Wijaya, Daha bedhah, ratuné kacekel, peni peni raja peni dijarah rajah, Radèn Wijaya nulungi putri putri, putrané Prabu Kartanagara digawa oncad menyang Majapait.

ora antara suwé, marga saka akale Wiraraja, Radèn Wijaya bisa ngusri prajurit Cina.

Wondéné prajurit mau, senadyan kesusu susu meksa isih bisa anggawa barang rayahan, pengaji mas satengah yuta tail lan tawanan wong satus saka Daha.

Radèn Wijaya banjur jumeneng Nata ing Majapait, jejuluk Kertarejasa Jayawardhana utawa Brawijaya I (tahun 1294 – 1309)

Sawisé jumeneng Nata, Sang Prabu anggeganjar marang sakabèhing kawula kang mauné labuh, marang panjenengané. Wiraraja dibagehi tanah Lumajang saurute.

Putriné Kartanagara papat pisan dadi garwané Sang Prabu, lan isi ana garwa paminggir siji saka tanah Melayu aran Sri Indresywari.

Saka gaewa paminggir iki Sang Prabu kagungan putra R. Kaligemet, kang besuké nggentos kaprabon, ajejuluk Jayanégara, saka Prameswari Sang Prabu peputra putri loro.

Ing tahun 1295 R. Kalagemet lagi yuswa sataun wis diangkat dadi panéran pati lan dadi ratu ing Kedhiri, ibuné kang ngembani nyekel praja Kedhiri.

Ing nalika panjenengané Prabu Kertarejasa Jayawardhana iku, Tanah Jawa karo Cina becik manèh, perdagangané gedhé, wong Cina teka ing Tanah Jawa nggawa mas, salaka, merjan, sutra biru, sutra kembang kembangan, bala pecah lan dandanan wesi.

Saka ing Tanah Jawa, Cina kulak: beras, kopi kapri, rami, bumbon craken luwih luwih mrica, barang barang mas utawa salaka, bangsa dandanan kuningan utawa tembaga, tenunan kapas lan sutra, welirang, gading, cula warak, kayu warna warna, manuk jakatuwa lan barang nam naman.

Ing Tanah Jawa ing wektu iku akèh palabuhan ramé, kayata: Tuban, Sedayu; Canggu.

nalika jamané ratu iki ing bawah karaton Majapait kena dibasakaké ungsum kraman.

Para satriya kang mèlu lara lapa dhèk jamané Radèn Wijaya saiki ora oleh ati, awit Sang Prabu mung anggega aturing nayakané kang aran Mahapati, wasana para satriya mau banjur genti genti padha ngraman, nanging temahan asor jurite.

Ing tahun 1328 Sang Prabu séda, dicidra ing dukun kang didhawuhi ambedhel salirané.

Sasédané Prabu Jayanégara kang gumanti sadhereke putri, kang sesilih Bhreng Kauripan banjur jejuluk Jayawisynuwardhani.

Sang nata dewi krama oleh satriya, kekasih Kartawardhana, misuwur pinter, sregep lan jejeg penggalihe.

Sang Pangéran diangkat dadi panggedhéning jaksa lan oleh lungguh bumi Singasari sawewengkoné.

Gajahmada dadi warangkaning ratu. Karepe Gajahmada arep nungkulaké saTanah Jawa kabèh lan pulo pulo sakiwatengené.

Ora let suwé yaiku tahun 1334 Sumbawa lan Bali bedhah banjur kabawah marang Majapait, mangka Bali nalika samana wis mbawahaké Lombok, Madura, Blambangan lan Sélebes sabageyan.

Sénapatining prajurit kang ngelar jajahan ing sajabaning Jawa aran Nala.

Ing tahun 1334 Sang Raja putri mbabar miyos kakung diparabi Ayam Wuruk, kang banjur dijumenengaké Nata, nanging isih diembani kang ibu nganti tekan tahun 1350.

http://buduq-gantenk77.blogspot.com/2015/08/babat-tanah-jawi.html
Régol patilasan bètèng Majapait, jenengé Bajang Ratu
http://www.zonawin.com
Taruhan Bola




Pérangan Kang Kapisan
Bab 8
Ayam Wuruk, Syri Rajasanagara,
Ratu kang kaping IV ing Majapait
(tahun 1350 – 1389)


Awit saking gedhéné lelabuhané Patih Gajahmada, nagara Majapait saya suwé saya misuwur kuwasané.

Prabu Ayam Wuruk tetep jumeneng ratu agung binathara ngerèh sapepadhaning ratu.

Sang Nata krama oleh nakdhereke piyambak kang wewangi Retna Susumnadewi.

Para santanané padha ginadhuhan tanah dhéwé dhéwé ing samurwate. Déné kuwajibané para santana utawa adipati mau ing mangsa kang wus ditamtokaké kudu ngadhep ing panjenengané Nata, mulané kabèh padha duwè dalem becik becik ana ing Majapait, muwuhi asrining nagara.

Ing jaman iku ana pujangga kraton aran ”Prapanca” (Budha).

Ing tahun 1365 pujangga iki nganggit layang kang aran Nagarakertagama.

Ana manèh pujangga aran Empu Tantular nganggit layang Arjunawiwaha.

Majapait ing wektu iku emeh mbawahaké satanah Indiya Wétan kabèh, kayata: Tanah Jawa Wétan lan Tengah, Sumatra, wiwit Lampung tekan Acih (Perlak), Bornéo (Banjarmasin), Sélebes (banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Florès (Larantuka), Sumbawa (Dompo), saparoning Malaka lan sabageyaning Nieuw Guinéa.

Tanah Sundha ora ditelukaké. Kang jumeneng ratu ana ing tanah Sundha mau ajejuluk Prabu Wangi, putrané putri dilamar Prabu Ayam Wuruk iya dicaosaké, ananging Prabu Wangi banjur pasulayan karo Patih Gajahmada, nganti dadi perang.

Prabu Wangi séda ing paprangan lan akèh punggawané kang mati ana paprangan; ewadéné tanah Sundha ora dibawah Majapait, isih madeg dhéwé ing saterusé.

Ing Jaman samono paro ajar utawa pandhita (agama Budha utawa Syiwah) mèlu nindakaké paprentahan nagara, mulané padha diparingi lungguh bumi dhéwé dhéwé kang diarani bumi: Pradikan.

Padésan ing sakubenging candhi utawa padhepokaning para pandhita lumrahè uga dadi bumi pradikan, wongé diwajibaké jaga lan ngopeni candhi padhepokan mau.

Kawula liyané padha kena pajeg prapuluhan (saprapuluhing pametuning buminé), lan kena ing pagawéyan gugur gunung lan sapepadhané.

Pajeg rajakaya, pajeg panggaotan lan tambangan ing wektu samono iya wis ana.

Pametoning praja gedhé banget, perlu kanggo rgad perang lan kanggo kapraboning Sang Nata sarta kanggo yeyasan nagara, kayata: kraton, gedhong gedhong, pasangrahan pasanggrahan lan liya liyané.

Ing nagara Majapait wis akèh omah kang becik becik, payoné sirap, déné omah kang lumrah padha apager gedhég, ananging ing jero racaké ana pethiné watu kang santosa perlu kanggo nyimpen barangé kang pangaji.

Wong wong dhèk jaman samono padha doyan nginang, senengané padha tuku bala pecah saka juragan Cina, pambayare nganggo dhuwit sing diarani Kèpèng.

Wong lanang padha ngore rambut, wong wadon gelungan kondhe. Wiwit enom wong wong padha nganggo gegaman keris, lan gegaman iku kerep diempakaké.

Wong yèn mati jisime diobong, yèn sing mati iku bangsa luhur utawa wong sugih bojo bojoné (randha randhané) padha mèlu obong.

Ora adoh saka nagara ana papan kanggo adu adu kewan utawa uwong utawa kanggo karaméyan liya liyané. Papan iku arané ”Bubat”

Sang Nata kerep lelana tinggal nagara, ing Blambangan saurute iya tau dirawuhi.

Prakara perdagangan iya dadi gedhé banget, awit saka majuning lelayaran kagawa saka kehing nagara nagara kang kabawah ing Majapait sing kelet letan sagara.

Bab kagunan, kayata: ngukir ukir sapepadhané, kombule ing Tanah Jawa Wétan dhèk pungkasané abad kang katelulas, lan ing wiwitané abad kang pat belas, mung baé panggawéné reca reca kang apik apik iku nganggo tuntunaning wong Indhu utawa nurun kagunan Indhu.

Cekaking carita: Nalika panjenengané Prabu Ayam Wuruk iku, Majapait lagi unggul unggule, samubarang lagi sarwa onjo.

Prabu Ayam Wuruk tilar putra kakung miyos saka selir asma ”Bhre Wirabhumi” jumeneng Nata ana ing bageyan kang wétan.

Déné kang nggentèni keprabon Majapait putra mantuné Sang Nata, ajejuluk Wikramawardhana (tahun 1389 – 1400).

Ing tahun 1400 Sang Prabu sèlèh keprabon, kersané arep mandhita, ananging sapengkere Sang nata, putra lan sentanané padha rebutan nggentèni keprabon.

Prabu Wikramawardhana banjur kapeksa kundur jumeneng ratu manèh nganti tekan tahun 1428.

Sajroning jumeneng sing keri iki Sang Prabu nerusaké merangi santanané kang wus kabanjur ngraman nalika Sang Prabu jengkar saka kraton.

Rehning perang iki nganti suwé dadi nganakaké kapitunan akèh lan karusakan gedhé, awit teluk telukan ing tanah sabrang banjur padha wani mbangkang wus ora gelem kabawah Majapait.

Tataning kawula iya banjur rusak. Prakara patèn pinatèn wis dadi lumrah.

Akeh wong main lan adu jago totohanu gedhéni.

Ing tahun 1428 – 1447 kang jumeneng nata ratu putri jejuluk Retna Dewi Suhita, putrané Prabu Wikramawardhana saka garwa paminggir.

Terusé banjur banjur Prabu Kertawijaya (1447 – 1452) lan manèh Prabu Bhra Hiyang Purwawisyesa (1456 – 1466), Pandan Salas (1446 – 1468), banjur Prabu Bhrawijaya V (1468 – 1478).

Mungguh babade ratu ratu kang wekasan iki ora terang, mulané ora disebutaké.

Ana ratu ing nagara Keling (salor wétané Kedhiri, skidul kuloné Surabaya) jejuluk Prabu Ranawijaya Giridrawardhana ngelar jajahan nelukaké Jenggala, Kedhiri lan uga mbedhah Majapait (tahun 1478).

Bedhahè Majapait iku kuthané ora dirusak, awit ing tahun 1521 lan 1541 nagara Majapait isih kecrita kutha kang gedhé.

Suwe suwé kutha Majapait dadi rusak, awit wong wongé kang ora seneng kaerèh ing kraton liya, padha genti genti ninggal negarané, nglèrèg marang tanah Bali.

Saiki Majapait mung kari patilasan baé, awujud pager bata tilas mubeng lan tilas gapura (Candhi Tikus, Bajang Ratu).

Isih sajroning jaman Majapait, agama Islam wis mlebu saka sathithik, saya suwé saya bisa ngalahaké dayaning agama Indhu ana ing Jawa Wétan.

Mungguh kaananing tanah Sundha ing wektu iku ora pati kasumurupan.

Sawisé krajan Tarumanagara dhèk abad 4 lan 5, mung ana kang kacarita krjan Sundha ing tahun 1030 nagarané kira kira ing Cibadhak.
Enggoné ora ana wong manca kang mlebu mrono, marga saka kehing bajag kang padha nganggu gawé ing sauruting pasisir.

Ing Priyangan sisih wétan ana krajané aran Galuh, kang ngadegaké ayaké ratu aran Pusaka, ratu liyané jejuluk Wastukencana lan Prabu Wang(g)i.

ing tahun 1433 Sang Ratu Dewa iya Raja Purana, ngadegaké kutha anyar aran Pakuan (Batutulis).

Karajan iki aran Pajajaran. Tulisan kang ana ing watu kono nerangaké manawa Sang Prabu yasa segaran.

Pajajaran semuné krajan rada gedhé lan ngerèhaké Cirebon barang.

http://www.zonawin.com
Taruhan Bola

No comments:

Post a Comment